Tuesday 27 November 2012

KUMPULAN CRITANE KAKINE




DINA “SETU PAHING”

Jaman Majapahit ing tlatah Banyumas wis ana pemerintahan sing dipimpin Adipati Wirasaba I sing nduweni kuwasa antara tahun 1413-1433 yaiku Raden Adipati Wirohudoyo. Pemerintahan Kabupaten iki diterusna turun temurun tekan jaman  Kesultanan Pajang. Nalika masa pemerintahan Sultan Pajang I Hadiwijaya (1546-1582) iki ing Wirasaba wis tekan masa pemerintahan Adipati Wirasaba VI yaiku Raden Bagus Suwarganduweni gelar Raden Adipati Wargahutama I. Raden
Wargahutama duwe anak papat, anak lanang loro lan wadon loro. Anak wadon sing kepisan iki diningkahake karo Raden Jaka Kaiman, yaiku anak Banyaksasro (Adipati Pasirluhur) sing dadi anak angkat Ki Mranggi ing Kejawar (saiki dadi Banyumas).

Kacarita nalika wektu iku Sultan Panjang kepengin putri para Bupati utawa keluarga kanggo didadekake garwa selir, sing dingomongake dadi abai pelara-lara (rewang kerajaan sing isih prawan). Adipati Wargahutama ngirim putrine marang Pajang. Putri Adipati Wirasaba tau dinikahake karo anak lanange Demang Toyareka nanging wis suwe dipegat lan durung tau rukun. Sawise putrine diwehake marang Sultan, Ki Adipati bali lewat dhaerah pesisir lor, ing pihak liya Ki Demang Toyareka sawise krungu tigasane anake iku disembahake marang Kanjeng Sultan, dheweke karo anak lanange nyusul menyang Pajang. Ing ngarepe Kanjeng Sultan Demang Toyareka wadul marang putri Adipati Wirasaba sing disembahake marang Kanjeng Sultan iku nalika isih dadi bojone anake.
Krungu wadulane iku Sultan Pajang dadi murka banjur mrintahake Mantri Anom kanggo ngoyak Adipati Wirasaba sing dianggep ngapusi dheweke, yen kepethuk arep dipateni.
Sawise utusan Mantri Anom iku lunga Sultan nemoni putri Adipati Wirasaba sing wis manggon ing Kraton Pajang iki, Sultan takon, “Bener apa ora isih nduweni garwo?”
Putri Wirasaba mangsuli, ”Ora !”
 Banjur Sultan takon maneh, “Ing njaba ana wong ngadu jerene wong iku dheweke nduweni bojo Putri adipati Wirasaba yaiku kowe sing dipegat paksa langsung digawa rene.”
            Putri mangsuli, “Bener, nalika isih cilik aku wis tau diningkahake karo putra paman Demang Toyareka nanging ora sida amarga hamba ora seneng lan suwe wis dipegat.”
            Kanjeng Sultan gela dheweke wis kebanjur mrentah gandhek (kongkonane) kanggo mateni Adipati Wirasaba. Kanjeng Sultan langsung ngirim utusan liyane nyusul gandhek sing kaping pisan supaya mbatalna prentahe Sultan mau. Ki Adipati Wirasaba wis tekan Desa (saiki mlebu Kawedanan Ambal, Purworejo). Wektu kuwi dina Setu Pahing mlebu dhuhur, Ki Adipati ngaso ing salah sijine omah warga ing desa iku, ing omah Balai malang iku Sang Adipati diparingi panganan lawuh pindhang, dhaging banyak, banjur jarane ditaleni ing pekarangan omah iku.
Nalika lagi mangan, rombongan mau wis teka ngadeg ing ngarepe Adipati.
Sang Adipati takon, “Ana prerntah apa para gandhek, ketone ana berita penting sing kudu disampekna?”
Para utusan mangsuli, “Mangga diterusake dhisik, yen wis rampung mangan tak wenehi ngerti.”
Ora suwe gandhek keloro katon saka adohan nglambekake tangane, maksude supaya Adipati Wirasaba ora sida dipateni. Nanging tandha kuwi ditanggepi keliru, ngertine tandha mau supaya cepet mateni Sang Adipati sahingga gandhek sing kepisn langsung nancepake kerise meng wetenge Adipati Wirasaba.
Nalika gandhek sing keloro teka ing panggonan iku, dheweke dadi gela lan ngomong, “Wis tak wenehi tandha supaya dibatalake, lha ngapa dilakoni?”
Gandhek kepisan gela, “ Dakkira kowe mewenehi tandha supaya ora usah ngenteni kowe, amarga iku banjur daklaksanakake tugas Kanjeng Sultan.         Adipati Wirasaba sing sing wis arep mati ngomong, “Para gandhek, ora usah nyalah-nyalahna. Kabeh iku wis takdire gusti alloh. Aku ikhlas ntrima, ngomongna marang kanjeng sultan pas gandek keloro teka aku wis dipateni wis saiki balik marang Pajang.”
Marang para sentana sing nyertai, Adipati weling, ”Para anak putuku, keturunanku kabeh, yen padha lunga-lunga aja pas dina Setu Pahing, aja mangan dhaging banyak , aja manggon ing omah sing ana balai malang lan aja numpak jaran dhawuk”.
Ora let suwe Sang Adipati mati. Nalika kedadean iku, tali jaran dhawuk titian Adipati copot. Amarga jaran iku wis biasa nglewati dalan-dalan iku, dheweke banjur bali ing kandhange ing Wirasaba. Nalika tekan Kadipaten, para keluarga kaget weruh jaran Sang Adipati bali dhewe. Keluarga ngertine Sang Adipati mlaku ing burine, nanging wis dienteni ora metu-metu dadine padha bingung lan kuwatir. Ana sing arep nyusul menyang ing Pajang, nglewati dalan sing kerep diliwati Kanjeng Sultan, ora sengaja pethukan karo abdi dalem sing mlayune dhisik nalika kedadean iku. Dicritakake kabeh kadadean, sawise diadusi mayite Adipati digawa bali ing Wirasaba. Mayite Sang Adipati dikubur ing pasarehan Pekiringan.
Iku asal-usaling kapercayan pantangan dina Setu Pahing padha lunga, kanggo warga Banyumas khususe sing isih nduweni trah Adipati Wirasaba. Ana sing nambahi maneh ninggale Raden Yudanegara I, Bupati Banyumas V lan Raden Yudanegara II. Bupati Banyumas VII sing ninggal ing dina Setu Pahing. Kapercayan iku wis tau dimanfaatake dening pasukan Pangeran Diponegoro ora langsung nyerang, nanging ngenteni dina Setu Pahing. Jaman ganti jaman, akeh wong kang ora percaya. Akeh nonoman saiki sing pandhangane kabeh dina kuwi apik, anane musibah kapan wae iku wis dadi takdhire Gusti Allah Kang Maha Kuwasa. 
( tuntunan kanggo para pamaos, menawa crita iki digathukna karo Tuntunan Agama Islam jelas dadi masalah sing serius  amarga bisa bisa marakna dadi  musrik, mula ska kuwe crita iki bisaha crita mau mung kanggo dingerteni bae ).



GUNUNG TOMPOMAS

Neng Kabupatn Banjarnegara ana gunung sing diarani Gunung Tampomas, gunung kuwi papane neng Desa Gentansari, kabupaten Banjarnegara. Miturut crita ana gunung loro, gunung kuwi salah sijine diarani Gunung Lanang lan gunung sing sijine diarani Gunung Wadon. Critane biyen Gunung Lanang kuwi seneng karo Gunung Wadon. Banjur Gunung Wadon njaluk kudangan yakui arupa selendang sing dawane se-kali Mendinging utawane diarani kali Ciwek. Ora mung selendang mau kuwi Gunung Wadon uga njaluk emas setompo (wadah sing digawe saka anyaman pring). Banjur Gunung Lanang kebingungen merga ora bisa menehi apa sing di jaluk Gunung Wadon mau. Gunung Lanang nesu banget karo Gunung Wadon merga panjaluke Gunung Wadon ora bisa di wenehi Gunung Lanang. Merga Gunung Lanang nesu, Gunung Lanang banjur njaili Gunung Wadon. Akhire Gunung Wadon njeblug.
Manut buku Jayabaya njebluge Gunung Wadon mau bisa kanggo mbendung kali Serayu, kali sing ana ing sedawane kota Banjarnegara. Ora namung jeblugane Gunung Wadon sing bisa mbendung kali Serayu mau, selendang sing dijaluk marang Gunung Lanang, kebukten nalikane ana ing taun 1983 selendang sing dawane se-kali Mendingin sanepane dalan tekan Gunung Wadon tekan Kali Serayu.
Asal usule anane gunung Tompomas kuwi saka gunung kang njeblug kanthi didinamit banjur dadi dhuwit sing dhuwite bisa kena kanggo tuku emas sing gedhene satompo.


ASAL MULANE KALI GORDA

Ana sawijining desa yaiku Badakarya. Ing desa Badakarya ana sendang kang banyune mili bening banget kang diarani kali Gorda. Jaman biyen ana ing Desa Badakarya ana prawan ayu, rambute dawa, kulite sawo mateng. Prawan kuwi dadi kembang desa.
            Bupati pertama Banjarnegara kang asmane Arya Kolopaking, mlaku-mlaku menyang desa kuwi. Ora nyangka yen arep kepethuk karo kembang desa. Arya Kolopaking duweni seneng marang prawan kuwi. Sapa wonge kang ora kepencut karo prawan kuwi. Bupati mau ngomong karo pengawale. Cekake crita pengawal dikongkon bupati supaya nemoni keluwargane nggenahake tujuane Bupati sing arep ndadekake kembang desa kuwi dadi garwane Bupati.
            Niyate pemimpin kabupaten Banjarnegara ora sia-sia. Bocah ayu kuwi nrima dadi garwane. Nang sawijining nina bupati pamitan karo garwane arep menyang kabupeten liyane yaiku tugas kunjungan. Wektu Bupati kondur menyang desane, garwane tembe saka kali, nggawa kranjang, senenge ora karuan menangi Bupati kondhur kanthi selamet. Bocah ayu mau banjur nyepaki Arya Kolopaking. Ana ing rambute bocah ayu katon iwak kang katut, iwake gedhe. Arya Kolopaking curiga garwane iku diwenehi iwak saka wong lanang liya kang dadi selingkuhane.
Arya Kolopaking ora trima yen garwane selingkuh karo wong liya, pas ditinggal marang jaba kutha. Akhire garwane dipateni nganggo kerise Bupati. Getih sing metu saka cah wadon kuwi akeh, warnane ora pada karo getih sing abang nanging warnane putih memplak. Getih ora bisa mandeg. Metu kumucur nganti malih dadi sendang sing banyune bening. Nganti saiki sendang kuwi diarani kali Gorda, yaiku sendang kang asale saka getih prawan kang suci.
Kali Gorda ana ing desa Badakarya, dusun Kali Lutung. Diarani kali Lutung amarga biyen akeh lutung kang padha njaga sendang kuwi panggonane ana ing lereng gunung Lawu.
Nganti saiki wong-wong duweni kepercayaan yen sapa sing adus ing Kali Gorda bakalan gampang olih jodhone, awet nom lan akeh wong kang padha tresna. Biasane aduse malem Jumat Kliwon. Crita Kali Gorda iki turun tumurun nganti saiki esih ana sing padha percaya.

RATU KALINYAMAT

Habib Ahmad kang lair ing kota Hajren, Yaman taun 1255 H utawa taun 1836 M, iku sowan ing Indonesia yaiku ing kota Pekalongan. Dheweke nyawang kahanan kota Pekalongan kang isih mbutuhake dukungan Syari’at Islam, akhire dheweke netep manggon ing Pekalongan.
Habib Ahmad ing Pekalongan nindakake tugas dadi imam masjid Wakaf kang ana ing Jalan Surabaya Pekalongan. Saka ketekunan lan kepemimpinan Habib Ahmad, masjid iku dadi rame lan akeh jama’ahe, sahingga dheweke ngrenovasi masjid iku kanthi nyukupi kebutuhan masyarakat Pekalongan. Istimewane Habib Ahmad yaiku apal Al Quran 30 juz kanthi lancar lan apik.
Habib Ahmad iyo ndirikake Madrasah Salafiyah kang ana ing sebelahe masjid Wakaf mau. Saking pesate majune Madrasah Salafiyah mau, akeh alumni kang dadi ulama lan tokoh masyarakat. Madrasah Salafiyah iku saiki dadi perintis sekolah-sekolah Islam kang berkembang apik ing Pekalongan.
Ing sawijining dina, Habib Ahmad ketemu wanita kang durung ngerti Ihwal Habib. Wanita iku ora nganggo jilbab, Habib Ahmad langsung mbenthak marang wanita iku “ Tutup sirahmu !“. Wanita iku nyawang Habib Ahmad karo bingung. Wanita iku dipenthung nganggo tongkate nganthi tatu. Habib Ahmad mung kepengin nindakake tugas agama lan tujuane supaya wanita iku nutup aurate. Nanging wanita iku nglaporake tindakane Habib Ahmad marang polisi. Polisine langsung ngongkon stafe supaya nekakake Habib Ahmad, nanging Habib Ahmad pra bisa teka. Polisi iku heran lan njaluk dituduhake Habib Ahmad saka kadohan.
Sawijining Habib Ahmad mlaku arep bali saka masjid Jami’ lan wis cedhak jarake saka polisi, polisi iku ngadheg ngalangi ing tengah ndhalan lan saben Habib nyedhaki polisi kuwi mundur memburi, akhire dilewati Habib Ahmad. Polisi iku langsung bali neng kantore lan crita karo stafe yen sejatine dheweke arep nangkep Habib nanging pas nyedhaki Habib, dheweke weruh singo loro ing sisih kanan kirine Habib Ahmad. Saka iku kang gawe dheweke wedhi lan meh wae mlayu. Polisi iku ngongkon wanita kuwi ngadu ing “Regent” kang kebeneran kenal karo Habib Ahmad cedhak. Sawise ngerti apa kang kedadean, dheweke ngundhang dhokter kanggo ngobati tatune wanita iku lan menehi sepuluh Golden saka sak’e dheweke lan ditrima wanita iku kanthi atine bungah.
Tindakane Habib Ahmad sok-sok nganthi nganggo tangan. Sanajan koyo kuwi, masyarakat ora tau ngadohi lan sewalike malah trisno lan kagum karo niat apike. Tindakane Habib Ahmad dilakokake kanthi ikhlas tanpa pamrih karo nindakake perintah Allah.
Masyarakat Pekalongan ngerti lan kenal Habib Ahmad iku wong kang Zahid ( ora seneng marang tindakan kemewahan duniawi ). Sering nolak hadiah kang ora jelas sapa kang menehi hadiah iku.
Habib Ahmad mbuka pengajian umum ing masjid, sakliyane mimpin sholat jama’ah lima wektu, nindakake wirid lan dzikir, sholat-sholat sunah kang utama sholat sunah rowatib kang ngiringi sholat fardhu. Amalane dheweke yaiku maca siji juz Al Quran ing njero sholat tahajud ing tengah wengi lan siji juz dilakokake pas wektu sholat sunah dhuha, nindakake puasa sunah kang dianjurake agama
Ketekunan Habib Ahmad ing nindakake ibadah, keikhlasan lan kasih sayange karo wong akeh kang lemah sarta ketegasane ing nglakokake Amar Ma’ruf Nahi Munkar kang gawe Habib dadi idola masyarakat Pekalongan lan nyebar ing tengah wong akeh riwayat-riwayat kedadean luar biasa ( khowariqul Adah ) kang dikenal “ Karamah “.
Nyritakake karamah-karamah kuwi ing njero catetan iku gawe riwayat urip kang dirancang singkat iki. Riwayat iku dadi cerita rakyat kang akeh dituturake lisan saka wong akeh. Sebabe ing catetan iku ora perlu dituturake maneh. Cukup neng kene wae dituturake peristiwa-peristiwa luar biasa iku.
Habib Ahmad dikenal “ Habib Keramat “ ing tengah masyarakat Pekalongan. Kang akhir hayate Habib Ahmad ngalami patah tulang neng pangkal pupune, akibate saka tibo. Bab iku nyebabake dheweke dadi ora bisa mlaku. Awit kuwi Habib Ahmad ora nglakokake kegiatan ing njobo nanging ngalihake kegiatane ing omahe kaya sholat jama’ah lan pengajian. Penderitaane kuwi nganthi wafate ing malem ahad, 24 Rajab 1347 H utawa taun 1928 ing umur 92 taun. Dheweke dimakamke ing Pekuburan Sapuro Kotamadya Pekalongan.  Nanging peringatan Haul ( ulang taun ) wafate saben tanggal 14 Sya’ban kang ditekani ewunan umat Islam, nganthi Habib-Habib liyane, para ulama lan pejabat pemerintah. Nganthi akeh kang padha teka saka luar negeri kaya saka Singapura, Malaysia, lan Timur Tengah. Amarga keagungane lan kesolihane, saben dina makame Habib Ahmad dikunjungi para peziarah saka luar kota Pekalongan.
Jenazah Habib Ahmad disholatake ing masjid Jami’ Pekalongan lan ditekani umat Islam nganthi madeti kota Pekalongan. Meh kabeh penduduk kota Pekalongan uga luar kota nguntabkake jenazahe Habib Ahmad ing panggonan terakhir. Durung tau ing kota Pekalongan ana pengantar jenazah kaya wafate Habib Ahmad iki.
Bisa dikandhakake yen dina kuwi yaiku dina jumat kelabu kanggo umat Islam Pekalongan khususe puluan ewu umat Islam tumplek-blek madeti masjid Jami’ Kauman Pekalongan, alun-alun, saka ndhalan masjid nganthi panggonan makam Sapuro sesak umat Islam kang pengin nguntabkake jenazah kang Mulia iku kanthi pasukan keamanan lalu lintas. Ing upacara pemakaman iku ditekani para ulama lan Habib saka kota, kaya Jakarta, Semarang, Surabaya, lan Bogor.
Makame Habib Ahmad nganthi saiki isih ana wujude lan mesthi ora tau sepi pengunjung. Sakliyane iku, ing njero tengah kampung Sapuro ana Mushola kang dipercaya warga Sapuro yen mushola iku peninggalane Habib Ahmad. Ing mushola iku rame dipercaya mitos, saben malem jumat kliwon kang akeh pengunjunge. Mushola iku rame amarga pengunjung padha wudhu lan sholat ing mushola kono. Sakliyane wudhu lan sholat uga padha adus ing tengah wengi amarga dipercaya banyu ing mushola iku bisa njangkepi kekarepan wong kang padha mampir ing mushola kono. Nanging manut panemuku kanggo jaman saiki wes ora relevan maning lan bisa marakake musrik.

Ira Wuri Sayekti ‘05
 




42 comments:

  1. Nambah wawasane kawula pak ( Asal-usul Kali Gorda)
    Nami: Arkhama Arsyi Sulisna
    Kelas XI Akuntansi 2
    Absen 2

    ReplyDelete
  2. kulo dados ngertos cariyos asal usule gunung tompomas pak .
    nami : rizki nur fajri
    kelas : XI AP 2

    ReplyDelete
  3. maturnuwun pak kula dados mangertos asal mulanipun dinten setu pahing lan nambah wawasan kulo.

    ECIANA NUR LARASATI
    XII TKJ 1
    10

    ReplyDelete
  4. ceritane apik, kula dados ngertos asal-usul anane gunung tompomas. lan nambah wawasan kanggo kula. kangge request. kisah asal-usule gunung lawe kalih bendungan mrican niku kepripun pak. maturnuwun. Yulian XII AK 3 (32)

    ReplyDelete
  5. sawise maca crita Gunung Tampomas ,kula dados ngertos asal usule Gunung Tampomas iku. Maturnuwun kangge Pak Heri Joko sampun maringi pangertos crita-crita sing nyangkup asal usul.


    Nama : Shafura Dinar .M.
    Kelas : XII. Busana Butik
    No : 21

    ReplyDelete
  6. matur numun pak kula dados ngertos pripun critane gunung tampomas,,, dados menawi dolan teng gunung tampomas ngertos asal usulipun,,,


    WINARTI
    XII AK 3
    28

    ReplyDelete
  7. matur nuwun pak,,, kula dados ngertos menawi dinten setu paing mboten angsal sami kesah . ngertose kulo ming kabar kabur .

    NUR KHOLIFAH
    XII AK3
    15

    ReplyDelete
  8. kisahe apik pak, bisa nambah wawasan. nek saged ditambahi malih ceritane. maturnuwun. Nurkholifah S XII AK 3 (16)

    ReplyDelete
  9. +critane apik pak.daine kula ngertos asal usule kali gorda

    Nama : rini setyowati
    kelas : XII BB
    No : 20

    ReplyDelete
  10. carita asal usul kali gorda lkalih gunung tampo masss, nambahi wawasane kulo....

    nama :didik rian
    kls :XII BB
    no : 05

    ReplyDelete
  11. ceritanipun sae, senajan kula dereng nate teng gunung tampomas nanging kula dados ngertos asal-usulipun gunung tampomas.

    nama:ikhlas putriyani
    kelas:XI AP 2

    ReplyDelete
  12. matur suwun pak kulo dados ngertos asal-usulipun gnung tampo mas...lan saged kangge nambahi pengetahuan kulo


    NUR HATIJAH
    XI AP2
    14

    ReplyDelete
  13. Maturnuwun pak kulo dados ngertos, di tambah artikel sing luwih katah malih pakk. :)

    Citra Utari XII TKJ1

    ReplyDelete
  14. matur suwun pak kula dados ngertos asal asalipun
    artikel menika sae dados nambah pengetahuan siswa smk

    ReplyDelete
  15. matur nuwun pak kulo dados ngertos cerita lan asal usule (gunung tampomas lan kali gorda) iku bisa nambah wawasane kulo


    Liza Faoziah
    XI AP 2
    01-11500-5

    ReplyDelete
  16. Maturnuwun pak kula terkesan kaliyan artikele, ndadosaken kula mangertos ngenani asal-usulipun Gunung TampoMas, di tunggu malih nggih pak artikel sing liyane.

    safngati fitriana XII AP1

    ReplyDelete
  17. This comment has been removed by the author.

    ReplyDelete
    Replies
    1. Menurut kula artikel sing Dina Setu Pahing menika gugon tuhon, aliyas kepercayaane tiyang budha/tiyang jaman mbiyen.
      PUTRI WULAN S XII AP 1

      Delete
  18. maturnuwun pak, kula dados ngertos ASAL MULANE KALI GORDA, nanging panggonane kali gorda inkang banjarnegara daerah pundi pak?

    Muhamad Azhar
    XI Akuntansi 1

    ReplyDelete
  19. maturnuwun pak, saking artikel-artikel niki kula saged nambah pengerten, katah sanget cerkak ingkang dereng kula ngerteni. perlunipun ngertos cerkak wonten artikel saged mundut hikmah-hikmah ing dunyo.

    aminatul XII TKJ 1

    ReplyDelete
  20. matur nuwun pak kula dados ngertos cerita ratu kalinyamat. request pak crita sing lwih apik malih . matur nuwun

    RENITA PUJI ASTUTI
    XII PM 2
    21

    ReplyDelete
  21. ceritane manfaat sanget pak,teras di kembangkan inggih,,
    yuni rianti
    XII AK 2

    ReplyDelete
  22. maturnuwun pak. nopo crita gunung tompomas nyata? kulo seneng teng Banjarnegara lare sekolah taksih nglestariaken budaya utawa asal usul daerahe piyambak, dados tiyang sing dereng ngertos cerita meniko nopo malih dereng ngertos wonten Gunung Tompomas saged ngertosi cerita punika, lan uga saged dicritaaken datheng tiyang sanes....
    Lina Kurniawati
    XII AP 2
    11

    ReplyDelete
  23. maturnuwun pak. nopo crita gunung tompomas nyata? kulo seneng teng Banjarnegara lare sekolah taksih nglestariaken budaya utawa asal usul daerahe piyambak, dados tiyang sing dereng ngertos cerita meniko nopo malih dereng ngertos wonten Gunung Tompomas saged ngertosi cerita punika, lan uga saged dicritaaken datheng tiyang sanes....
    Lina Kurniawati
    XII AP 2
    11

    ReplyDelete
  24. matur suwun pak,
    senajan kulo dereng nate teng gunung tampomas,wontene cerita niki kulo dados ngertos cerita lan asal usule gunung tampomas lan kali gorda.

    Rosida El Rahma
    XI Ap 2
    18

    ReplyDelete
  25. Wow, critane apik pak,,

    David Raka
    XI RPL 1



    Follow/join baliknya ditunggu ya pak ===> http://davidraka.blogspot.com/

    ReplyDelete
  26. ohh... kados niku ceritanipun utawa asal usule gunung tampomas, kulo si sampun pernah dolan teng mriku....nanging mboten ngertos asal usule gunung tampomas... seniki kulo dados ngertos asal.usule gunung tampomas.... maturnuwun pak..?

    Eka Fitria Ningsih
    XI Adm.Perkantoran 2
    Abs. 05

    ReplyDelete
  27. ohh jane kados niku critane gunung tampomas. kulo dados ngertos sal-usule. matur nuwun

    ReplyDelete
  28. critanipun utawi asal usule gunung tompomas sae, lan nambah wawasan lan pengetahuan kula..
    Mardiah
    X11 Busana butik
    No : 14

    ReplyDelete
  29. ceritane sae pak, kula dados kepengin tindak teng gunung tampomas, supados nambah wawasan.
    Heri Nurohman
    XI Akuntansi 1
    No : 10

    ReplyDelete
  30. ooo jane kados niku asal-usule tampo mas, namung dalane bodol banget

    Norma Laelasari XII PM 1 (16)

    ReplyDelete
  31. Crita ing ndwur dados nambaih pengetahuan sejarah kang wonten ing Banjarnegara. terutama sejarahe gunung tampo mas.

    NAMA : DIAH AYU UTAMI
    KELAS : XII BUSANA BUTIK
    ABSEN : 04

    ReplyDelete
  32. cerita legendane apik, bisa damel lare jaman saiki ngertos legenda anane tempat sing durung dimengerti dening lare-lare.

    KHIKMAH KHUSNUL KHOTIMAH
    XII AP 2
    ABSEN : 09

    ReplyDelete
  33. Kulo sampun maca ceritane Gunung Tompomas, nanging ingkang wonten cerita niku dereng wonten "kesimpulane" kawulo injih teksih bingung, wonten cerita niku gunung wadon njeblug amargi dijaili gunung lanang kalih nopo njih? "BOM" utawi "Nuklir" matur nembah nuwun Pak, cerita niku dados nambah wawasan lan wacana kulo.

    Corry Nur Istho Rini
    XII. AK 2

    ReplyDelete
  34. kulo dados ngertos asal-usule gunung tampomas(jane kaya kuwe to),nambah wawasan ugo pak. kali ciwek si teng pundi pak?.

    Siti Apsoh
    XI TKJ1

    ReplyDelete
  35. maturnuwun pak,critane sae sanget, ciyuss :D

    VIVI NOVITA SARASWATI
    XII TKJ 2
    30

    ReplyDelete
  36. Pak kula nembe ngertos sejarah kali gorda menika.
    Nanging percaya kalih mitos-mitos kados niku kan musrik pak.Nggih menurute kula jodoh lan liya-liyane niku sampun diatur wonten gusti alloh.

    VERA NUR HALIMAH
    XI TKJ 1

    ReplyDelete
  37. Kulo dados ngertos sejarahipun kali gorda.
    Nanging percaya kaliyan mitos-mitos kados niku kan musrik pak.
    Nggih menurute kula jodoh lan liya-liyane niku sampun diatur wonten gusti alloh.

    VERA NUR HALIMAH
    XI TKJ 1

    ReplyDelete
  38. ceritane apik, kulo dados tambah wawasan lan ilmu,
    maturnueun pak

    NAMA: KHOMAYAH
    kls : XII PM 1
    ABSEN; 13

    ReplyDelete
  39. Novita Budi Lestari10 December 2012 at 20:05

    Ceritane apik bisa damel lare jaman saiki ngertos anane legenda tempat sing durung ngertos, lan kula dados ngertos asal-usule gunung tampomaslan bisa nambah wawasan kula pak
    matur nuwun sanget pak

    NOVITA BUDI LESTARI
    XII PEMASARAN 1
    17

    ReplyDelete
  40. kulo sampun myos crita ingkang irah-irahanipun "asal mulane kali godra" critane sae lan nggadhah pesan ingkang sae.

    marita tri astuti
    XI AP 2

    ReplyDelete
  41. kulo saged nampi pesen ing crita inkang irah irahanipun "asal mulane kali godra" crita kasebut wonten pesen kathah ingkang sae

    Nia robaniah

    XI AP 1

    ReplyDelete