Saturday 10 November 2012

ASAL-USUL NAMA DESA




BABAD DESA KENDAGA
ADEGAN I
Crita iki diwiwiti nang sawijining papan yakuwe nang ngisor Gunung Tlawungan sing jenenge Grumbul Gupitan.
DIRUN                      : Alhamdulillah dina iki dagangane nyong laris manis Man…  asil tanine nyong  payu kabeh nang pasar.. 
PAIMAN                    : wah Begja temen kuwe, nek nggone nyong ya payu, tapi ora ngasi entek…  ning ya cukup kanggo mangan seminggu karo anak lan bojoku … 
DIRUN                       : Nek kaya kuwe ya jenenge rika begjane nglewihi inyong lah !....   wong inyong sing dagangane entek be paling mung bisa kanggo ngempani anak bojo  selawase seminggu. Lha jane  rika mau tes adol apa nang pasar? Ketone koh olih dhuwit  akeh temen?
PAIMAN                    : hahaha …dagangane nyong pancen ora akeh tapi hasile lumangyan banget. Rika ngerti ora sebabe ?
DIRUN                       : Nyong ngerti Lah… paling-paling rika tembe adol kalunge bojone mbokan?…, hayo  ngaku ora ? sing duwe dipamiti ora?
PAIMAN                    : Oalah Run…Run…senenge koh malah su’udhon kaya kuwe. Geh tok wei ngerti ya…. Aku mau tmbeke bae adol wedus loro. Prewewehe mertuaku…… 
DIRUN                       : Ooo dasar  mantu  gemblung….  Diweneih wedhus supayane bisa mprenah,  malah di dol ! si kepriwe rika !….
PAIMAN                    : Rika Aja mung teyenge maido…..deleng kiye tangane nyong,…ngasi kapalen,…iki mergane nyong kakehan ngarit.
DIRUN                       : hahaha….lha jenenge tukang ngarit ya mesthi bae tangane kapalen!
PAIMAN                    : Iya...iya…Nek perkara kuwe ya nyong ngerti !, tapi ana masalah liyane sing lewih nggelani.
DIRUN                       : Masalah apa kuwe, ketone serius temen?
PAIMAN                    : Ge….dideleng tangane nyong sing kapalen. Bojoku siki senenge ngaloki terus, jare tanganku kaya parudan klapa.
DIRUN                       : hahahahha….lha kepriwe maning, kuwe wes dadi resikone tukang ngarit..! 
DIRUN                       : Nek kepengin tangane alus ya kudu dadi pegawe!
PAIMAN                    : nah iya kuwe…kayane aku pancen pantese dadi pegawe….ning kira-kira pantese aku dadi pegawe apa ya Run?
DIRUN                       : ..….rika kuwe paling pas dadi pegawe DPU. Pegaweane entheng, tapi ongkose gedhe.
PAIMAN                    : Lha pahalane nyong saben dinane kepriwe ?
DIRUN                       : Ge…pahale gampang banget, mung ngukuri dalan kawit jam wolu nganti jam rolas awan.
PAIMAN                    : Lha meterane nganggo mengko disilihi mbokan?
DIRUN                       : Ora perlu nganggo meteran,…cukup ngaggo tangane rika bae….. tapi kudu nyampak…. nggone ngukuri kaya pas rika lagi gudigen….
PAIMAN                    : dadi maksude…..tanganku kudu …..
DIRUN                       : Hahahahah….hahaha…
(urung nganti rampung Paiman nggone ngomong, Dirun wes ngakak bae)
 PAIMAN                   : Ooooo dasar wong gemblung….semprul  !, ditanggapi temenanan malah jebule aku kon kukur-kukur dalan….
 ( Agi buket-bukete nggone padha dopokan, Ujug-ujug  si Jono mlayu-mlayu ngos-ngosan karo keweden)
JONO                          : Tulung…..  tulung…   ana  ra..  raa..  
PAIMAN                    : apa…apa… rabi apa?
JONO                          : ra..  rampoooooooook..… 
DIRUN                       : ha….Rampok, awan2 kok ana rampok? (karo madan keweden)
PAIMAN                    : MENDI.. MENDI..  tak  ajar  sisan   rampoke..  sisan aku  arep njajal jurusku sing anyar  kie….  (Paiman mameraken juruse)
 (ora let suwe grombolan rampok sing dipimpin Sura Lewa teka)
SURA LEWA                        : hahaaha..  sapa sing egin kepengin dawa uripe ….glethakna kabeh barang-barang sing digawa….tapi nek wes bosen  urip,…. Majua mrene….tak wenyed….wenyed awakmu !
ANAK BUAH 1        : Nek ora manut…. Ajar wae lurahe….nek nglawan pateni sisan…. 
ANAK BUAH 2        : bener lurahe….. entekna wae cecunguk2  iki… (karo nunjuk maring, Dirun, Paiman, lan Jono).
PAIMAN                    : ( klisik-klisik maring jono) haduh !…rika  ora  ngomong ket mau nek  iku  rampoke…  nek  ngomong ket  mau  aku mesti wes  kabur.. ..
(ujug-ujug  Paiman ngrengek2 karo nyembah2 njaluk diwelasi)
PAIMAN                    : Ndoro rampok,  kula sakanca nyuwun kawelasan ….ampun dipun rampok ndoro…  mangke anak  bojo kula badhe nedhi napa……
SURA LEWA            : hahaahaha Aku lan anak buahku iki  kawanan perampok.. jadi ya wes  dadi kewajibane aku ngrampok kowe padha. Prajurit !  Hayo…Jukuten kabeh apa sing di duweni …  nek  nglawan pateni bae.   Hahahhaha
(sidane grombolane Sura Lewa mpreteli  kabeh bandane wong telu mau, ning urung ngathi Rampung nggone ngrampas bandane wong telu mau, ujug-ujug teka JAYA SENGKANA lan para andahane)  
JAYA SENGKANA : hai SURA LEWA..  mandega anggone tumindak angkaramurka!
SURA LEWA            : hahaha sapa kowe !.. apa urusanmu ngalang-alangi aku tumindak kaya iki?  Iki dhaerah kekuasaanku,….sapa jenegmu….ana ngendi ndangkamu…
JAYA SENGKANA : Aku iki sekang Surakarta utusane Kanjeng Sunan, jenengku JAYA SENGKANA, aku diutus supaya ngrangket kowe lan wadyabalamu.  Sura Lewa.. dosamu wes pirang2, hayo nyeraha…nek ora gelem,….kepeksa pedang iki sing arep tumindak,….
SURA LEWA            : Kowe arep Ngrangket aku ?  Hahaha … tekan sepira kesektenmu,….hayo….langkahi disit mayite aku...
JAYA SENGKANA : Ya wes, nek kaya ngono karepmu,…arep tak ladheni ……
Prajurit!  serang….!!!!  
( terjadilah pertempuran antara kelompok Sura Lewa dan Jaya Sengkana yang dimenangkan oleh kelompok Jaya Sengkana. Akhirnya Sura Lewa mati nang tangane Jaya Sengkana )
Akhirnya Jaya Sengkana menjadi sesepuh di gunung Tlawungan dan menjalankan amanah Sultan Surakarta untuk menjaga Wilayah tersebut.
ADEGAN II
(Karena diberi mandat oleh Sultan Surakarta untuk mensejahterakan rakyatnya, Jaya Sengkana melakukan Tapa Brata di puncak gunung Pawinihan untuk mencari wangsit dan petunjuk)
(suasana mencekam saat pertapaan berlangsung)
SUARA GA’IB          : Jaya Sengkana …. yen kowe kepengin gawe makmur lan tentreme warga Gunung Tlawungan, goleten GOLEK KENCANA..
( Sakwise olih petunjuk,  Akhire Jaya Sengkana leren anggone nglakoni tapa brata)
JAYA SENGKANA : Prajurit,… nembe wae aku Olih wangsit.
PRAJURIT 1              : Wangsit kados pundi ndara kanjeng?
JAYA SENGKANA : wangsite ngene…. Yen kepengin gawe makmur lan tentreme warga Gunung Tlawungan, aku didhawuhi supayane nggolet jimat sing wujude GOLEK KENCANA, mulane aja kesuwen  supayane mensejahterakan rakyat ayo padha mudhun, enggal-enggal nggolet  Boneka Kencana kuwi.
(akhirnya rombongan Jaya Sengkana melakukan perjalanan untuk mencari Boneka Kencana. Dalam perjalanan tersebut melakukan persinggahan di beberapa kelompok masyarakat. Rombongan Jaya Sengkana akhirnya memberi nama di setiap daerah yang di singgahi karena ada suatu kejadian yang melatarbelakanginya.)
PRAJURIT 1              : Ndara… kita sampun tebih anggenipun mlampah. Nangin kok dereng wonten tandha-tandhane ana ngendi papane GOLEK KENCANA.
PRAJURIT 2              : Leres ndara…. Dereng wonten pratandha napa2 niku. (Suasana keputus asaan)
JAYA SENGKANA : hiya…hiya…kowe padha bener prajuritku. Akeh  papan panggoan sing wes dak liwati. Nanging durung ana tandha-tandha sing bisa aweh petunjuk ana ngendi papane  GOLEK KENCANA mau. Wes ana nem panggonan sing dak liwati sisan tak wenehi jeneng…kayata BANTIRAN, BELONGAN lan apa maneh ya….aku kok malah lali karo Jeneng-jeneng sing wes nggambaraken kedadeyan apa bae sing kita alami.
PRAJURIT 3              : ingkang kaping tiga kula kengetan ndara.
JAYA SENGKANA  :ooo iya…iya…jajal apamaning….
 Sesampunipun ngliwati Belong, kita nglajengaken mlampa lan ngliwati dhaerah ingkang kathah sanget wit2an  Kemojing. Saengga ndara kanjeng paring asma KEMEJING. Selajengipun wonten SENGGANA, SEMARE, lan ingkang pungkasan inggih menika CATRIKAN amargi ing  daerah kasebat kathah catrik utawi penjaga dusun ingkang saweg njagi lan ngamanaken dusunipun.
JAYA SENGKANA : Wah pancen ora salah aku nggawa kowe… Kowe pancen prajurit sing pinter.
PRAJURIT                 : ampun ngaten ndara …kula dados lingsem.
JAYA SENGKANA : Prajuritku….sanajan kita durung nemokke apa sing digadang-gadang, ..tapi aku mongkog (bangga) karo kowe……kowe tetep setya tuhu ngancani aku….
PRAJURIT                 : niku sampun dados kuwajibane kula sakanca ndara. Ndara mboten sah kuwatir, kita sedaya tansah setya ngrencangi ndara wonten pundi kemawon.
JAYA SENGKANA : Ya wes, nang papan iki ngepasi nang ngisore Gunung Pawinihan. Mula aku arep njajal semedi kanggo njaluk petunjuk sekang Gusti Allah. Kowe gelema njagani aku. Yen durung rampung semediku, aja nganti nggugah aku.
PRAJURIT                 : sendika dawuh ndara.
( akhirnya jaya sengkana melakukan semedi tuk meminta petunjuk keberadaan Boneka Kencana)
Suasana kembali senyap.. dalam semedinya Jaya Sengkana mendapat petunjuk kalau ingin mendapatkan boneka kencana harus nanggap Ronggeng dari dhaerah Banyumas..
Petunjuk itu muncul dari suara ga’ib.
Akhirnya Jaya Sengkana mengakhiri semedinya.
JAYA SENGKANA : prajurit
PRAJURIT 1              : sendiksa ndara….
JAYA SENGKANA : Saiki kowe tak utus supaya nekakake Rongeng saka Banyumas, arep tak tanggap nangkene .
PRAJURIT                 : Rongeng ? Kenging menapa kedah nanggap Ronggeng ndara?
JAYA SENGKANA : Kuwe mau sekang asile aku anggone semedi. Menawa kepengin nemokake Boneka Kencana, kudu ditanggapake ronggeng  disit.
PRAJURIT                 : inggih …sendika dawuh ndara….. menawi ngaten kula nyuwun pamit, badhe bidhal dhateng Banyumas.
JAYA SENGKANA : Budhala.. aku lan rombongan lyane arep ngenteni nang iringan umah kae.
ADEGAN III
(pertunjukan ronggengpun dimulai).  
Ronggengnya mengenakan kain Kawung dengan kebaya warna hijau gadung dan badutnya menggunakan ikat kepala dari kulit pohon pisang yang sudah kering.
ADEGAN IV
Selesai pementasan ronggeng Jaya sengkana berniat untuk bersuci dengan memanfaatkan air pada sebuah kendi di samping rumah tempat menaggap ronggeng. Dan alangkah kagetnya beliau manakala melihat sebuah benda kuning keemasan di dalam kendi tersebut.
JAYA SENGKANA : Alhamdulillah… gusti akhire. Panjenengan maringi menapa ingkang kula padosi.
 (Sesuai dengan petunjuk, lantaran boneka ini akan menjadikan rakyat hidup tentram dan damai, maka beliau berpidato di depan rakyatnya).
JAYA SENGKANA : Sedulur-sedulur kabeh,…apa sing tak goleti sesuwene iki wes ketemu, iki barange (karo nuduhaken wujude GOLEK KENCANA,…kanthi barang iki lan kanthi ijin saka gusti kang Maha Kuwasa kita bisa urip tentrem  lan makmur, murah sandang lan pangane. GOLEK KENCANA iki dadi pralambang kamulyaning urip. Lan amarga GOLEK KENCANA iki ditemoke ana njero kendi, mula wiwit saiki dhaerah iki tak jenengi KENDAGA KENCANA.
(Demikianlah sejak saat itu, rakyat Desa Kendaga hidup tentram, damai dan serba berkecukupan, dan sampai sekarang daerah itu masih tetap eksis tetapi namanya diperpendek jadi KENDAGA saja).
…rampung…

27 comments:

  1. legendanipun cekap sae pak,teras dipun ceritanipun ampun masalah asal-usul mawon.
    arrosyidu aprilliani XI ak 2 (03)

    ReplyDelete
  2. niki sampun sae pak , sanged kangge nambah wawasane kawula . dipun akeh mawon ceritanipun sing kados niki
    nami : amallia kusuma a
    kelas : XI AP 2

    ReplyDelete
  3. ceritane lucu lan menghibur, bisa nambah wawasan juga. terus niku kisah nyata napa dongeng pak? Ana Marlina XII AK 3 (03)

    ReplyDelete
  4. ceritane lucu, mendidik lan gampang dingerteni.


    soliah
    xii tkj 1

    ReplyDelete
  5. ceritane sae sanget pak.. lucu,
    nek asal usul Ampelssari pak heri joko ngertos napa mboten pak? :)
    certitane di kathahaken malih pak,matur nuwun.

    EVI SOLEHAH
    XII AK 2

    ReplyDelete
  6. ceritane menarik lan lucu, maturnuwun pak kula dhados mangertos kaliyan tambah pengetahuanipun

    Azelia Destriningrum XII BB

    ReplyDelete
  7. This comment has been removed by the author.

    ReplyDelete
  8. ceritane apik lan menarik, seliyane lucu saged kangge pengetahuan. Maturnuwun pak cerita niki saged kangge nambah pengetahuan lan wawasane kulo.

    DEWI SETIYANINGSIH
    XII PM2
    06

    ReplyDelete
  9. critanipun sae pak,,,nek saged di tambah malih kalian asal-usul sedoyo desa ingkang wonten kab.banjarnegara..

    eva tri cahyani
    XII BB
    08

    ReplyDelete
  10. matur nuwun pak, critane saged nambahi wawasane kawula . saged ditambah malih kaliyan asal-usul desa liyane

    Titis Widya Z (25)

    ReplyDelete
  11. ceritane lucu, menarik lan nambah wawasan kulo...

    fitriyana R
    XII PM 1
    10

    ReplyDelete
  12. This comment has been removed by the author.

    ReplyDelete
  13. ceritane sae lanmenhibur saged nambah pengetahuan, maturnuwun pak,,
    happy julitasari
    XII PM1
    11

    ReplyDelete
  14. critane sae, lucu lan saged nambah wawasane kulo

    Nama : Annisa Rifanny
    Kelas : XII AK 3
    Absen : 05

    ReplyDelete
  15. ceritane lucu sanget pak,kulo dados ngertos sejarahe desa kendaga, nek saged ditambah malih cerita-cerita sejarah desa lan sanesipun.

    nama : sugesti
    kelas: XII AP 2
    absen: 25

    ReplyDelete
  16. critane sae

    nama :natizatu robiah
    kelas :XII AP 2
    absen :14

    ReplyDelete
  17. ceritanipun sae lan lucu,saget nambah wawasan,pengetahaun kula
    matur nuwun

    nama : putri intan agustina
    kelas: XII PM 1
    absen: 21

    ReplyDelete
  18. critane sae sanget pak

    nama : apriliani galih saputri
    kelas : XII AP 2
    absen : 02

    ReplyDelete
  19. ceritanipun menarik pakk ...

    nama : dela bondan audina
    kelas : XI AK3
    abs : 07

    ReplyDelete
  20. ceritane narik kawigaten.

    Nama : winda fatmawati
    kelas : XI AK3
    no. abs : 30

    ReplyDelete
  21. ceritanipun nambah wawasan lan sae saanget

    nama :diva cicilia
    kelas : XI Ak 3
    Absen : 10

    ReplyDelete
  22. ceritanipun gampil di ngerteni lan saged nambah waawasan pemaos

    Nama : Sovi N.A
    Kelas : XI Ak 3
    Absen :27

    ReplyDelete
  23. isi blog'e sampun sae pak.
    Dewi Indri P. XI AK 1

    ReplyDelete
  24. ceritane apik,menarik lan lucu banget!
    nambah wawasane kula..



    ayu dwi septiani XII PM 1 02

    ReplyDelete
  25. ceritane sae lan saged nambah wawasan kula.
    matur nuwun..


    Nama :Hijriyatun Musholifah
    Kelas :XII AP2
    No.Abs :07

    ReplyDelete
  26. ceritane menarik lan apik.

    Nama : Septi Wahyuni
    Kelas : XII AP 2
    No.abs : 23

    ReplyDelete
  27. critanipun sae lan saged nambah wawasan malih kangge kula lan rencang-rencang

    suci nurhaliza
    XI BB
    25

    ReplyDelete