Monday 12 November 2012

DRAMA


Tema  : KATRESNAN
Tokoh                   :    1. Fatimah Az-zahra         ( sabar,  pinter, ulet, rajin)
                                  2. Arya Bagus Pambudi    ( sabar, pinter)
                                  3. ibune Fatimah               ( egois)
                                  4. bapake Fatimah            ( sabar )
                                  5. ibune Arya                   ( apikan )
                                  6. bapake Arya                 ( rajin, sombong )
                                 7. Rozaq                            ( apikan, sabar)
Setting                    : Kantor, Arya, umahe Fatimah, Radinan
Alur                        : Alur Maju
KATRESNAN
Srengenge nembe katon eseme, Fatimah wis arep siap-siap budhal saka umah. Amarga dina iki dina sing wis dienten-enteni Fatimah. Ya apamaning sing dikarepaken bocah tembe lulus SMK, yakuwe kerja. Fatimah nglamar kerja ing salah sijining Perusahaan ing Banjarnegara, lha dina iki kuwi wektune wawancara.
Sakwise pamitan karo wong tuwane, Fatimah banjur mlaku kanthi tekad kuat lan yakin bakal bisa diwawancarai lan uga bisa  katampa kerja nang kono. Jam 07.00 WIB, Fatimah wis teka nang kantore, wawancara diwiwiti jam 07.30 WIB, esih ana wektu kanggo sholat Dhuha. Fatimah pancen bocah sing solekhah, ngabekti karo Gusti Pangeran lan uga karo wong tuwane.
Sakwise sholat Fatimah banjur tumuju marang Ruang sing arep dienggo wawancara. Fatimah ulih nomor undi 15 sekang 50 peserta. Atine Fatimah deg-degan banter banget kanthi keringete netes, nanging Fatimah langsung nyebut, dadi saiki wis ura gugup maning. Nomor undi 14 wis metu saka ruangan, saiki giliran Fatimah. Kanti tekan kuat Fatimah mlebu rangan tanpa gerogi lan wis ura ngrasa gerogi.
(tok............tok..............tok..............)
Fatimah                :” Assalamu’alaikum”(karo mlebu maring ruangan)
Pewawancara    :”Wa’alaikumsalam, kene mlebu wae mbak)
Fatimah                :”inggih pak, matur nuwun”(Fatimah banjur salaman disit sakdurunge njagong)
Fatimah diwawancarai kanthi kurang lewih setengah jam, nembe rampung. Sakwise diwawancarai atine Fatimah lega pisan, lan banjur mulih,  amarga pengumumane nunggu 2-3 hari.
***
Sakwise nang ngumah.....
(tok..............tok.........tok.....................)
Fatimah                :”Assalamu’alaikum”
Ibu lan Bapak     :”wa’alaikumsalam”
Ibu                         :”kowe tho Fat, piye ndok wawancarane”
Fatimah                :”Alkhamdulillah, lancar-lancar mawon bu, pengumumane kirang langkung nggeh 2-3 dinten malih)”
Bapak                    :”owh,,,,kaya kuwe tho,”
Fatimah                :”bapak, ibu, menawa kulo mboten ketampi  kerja teng mriku kepripun”
Bapak                    :” ya ora papa tho ndok, sing jenenge rejeki kuwe wis ana sing ngatur dhewe, yaa ..mbokan jere sapa kuwi rejekimu lhe, “
Ibu                         :(mangsuli karo glewean)mbarang kowe kepengin mbojo ya mbojo wae Fat, ibu wis ana calone kanggo kowe”
Fatimah                :”astaghfirulloh bu, fatimah dereng wonten kepikiran dugi mriku bu, Fat taksih pengin mados kerja ngge mbantu bapak kalian ibu, “
Bapak                    :” ya sekarepmu wae ndok, nek wis siap ya kari mbojo, kuwi kabeh kowe sing arep nglakoni,”
Fatimah                :”inggih pak”
Bapak                    :”apa kowe wis duwe calone dhewe”
Fatimah                :”dereng pak, kulo badhe mados dhamelan riyen, mangke menawi sampun siap lair lan batine nggih InsyaAlloh Fat mpun siap”
Ibu                         : (manthuk-manthuk) ya ya, bener kowe ndok, kudu siap lair lan batine, ,,ya wis saiki kowe sarapan disit, ibu wis masak sayur kangkung,”
Fatimah                :”inggih bu”
***
Detik gantenen menit, menit gantenen jam, jam gantenen dina, saiki wis 3 dina kawitane Fatimah di wawancarai. Atine Fatimah resah ngenteni pengumuman sing dianter lewat tukang pos. Mondar-mandir, bola-bali, kanthi Ibu geleng-geleng piyambak.
Ora ganti suwe, sekang njero umahe Fatimah ana suara pit motor mandheg nang ngarep umah. Atine Fatimah tambah deg-degan setengah urip, kanthi langkah alon Fatimah ngintip ing jendela...
Fatimah                : (ngelosna napas) huhuhuhuhuhu,,,dudu tukang pos”
                Jebule malah si Rozaq, kancane Fatimah wiwit cilik. Saiki Rozaq wis kerja nang bengkel cepak perusahaan sing di lamar Fatimah.
Rozaq                    :”Assalamu’alaikum”
Fatimah                :”wa’alaikumsalam,,,,,kene mlebu wae zaq”
Rozaq                    : (karo glewehan) Fatimah wonten bu”
Fatimah                :” ih .... rozaq, kowe lha eseh seneng ngledhek aku,”
Rozaq                    :”(mesem-mesem)”
Fatimah                :”kadingaren kowe marang umahku, apa ora kerja”
Rozaq                    :”lagi libur Fat, yaaa...mumpung libur aku pengen ketemu karo kowe”
Fatimah                :”lha,,,,,lebay kowe”
Rozaq                    :”oh ya, piye lamaran kerjane kowe nang perusahaan”
Fatimah                :”hmmmm, iya,,dina iki aku lagi nunggu pengumumane, dikirim lewat pos”
Rozaq                    :”ya muga-muga wae si ketampa, sing penting kowe kudu sabar Fat, nek kuwi rejekimu lhi ura bakal ilang”
Fatimah                :”iya, bener kowe zaq”
                Saking nggeteme Fatimah lan Rozaq lhe kandahan, kanti dheweke ura padha mireng ana pit motor mandheg nang ngarep umahe Fatimah,
(tok...tok...tok..)
Tukang pos         :”assalamu’alaikum”
Fatimah                :(kaget) wa’alaikumsalam, inggih sekedhap,,,,,(mlaku maring ngarep)sinten nggih??”
Tukang pos         :”pos mbak, niki wonten layang kangge mbak Fatimah”
Fatimah                :”ohh ya, inggih matur nuwun pak,”
Tukang pos         :”monggo niki tanda tangan rumiyin kangge tandha terima”
Fatimah                :”oo nggih (karo tandha tangan, tapi tangane Fatimah madhan gemeter)sampun pak”
Tukang pos         :”inggih matur nuwun mbak, kepareng?”
Fatimah                :”inggih, monggo-monggo”
                Fatimah banjur niliki kop surat sing nembe bae di anterake dening tukang pos. Nang kop surat kuwi katulis jeneng perusahaan sing dadi tempat Fatimah nglamar kerja.
Rozaq                    :”(penasaran) sopo Fat?”
Fatimah                :”tukang pos, nganteraken layang iki sekang perusahaan, kayane iki hasil pengumumane lho”
Rozaq                    :”ya wis, bukak saiki Fat, aku pengen ngerti hasile”
Fatimah                :” iya sabar-sabar, bismillahirrohmanirrohim,”
                Fatimah banjur mbukak layang kuwe kanthi was-was mbok menawa deweke ora ketampa. Nang layang kuwi katulis menawa Fatimah AZ-Zahra lair ing Banjarnegara 20 Februari 1995, katampa dadi karyawan PT ABADI. Fatimah banjur ngucap Alkhamdulillah lan dheweke mesem-mesem, dadeaken Rozaq tambah penasaran.
Rozaq                    :”(Penasaran)piye Fat, katampa??”
Fatimah                :”(eseh mesem-mesem dhewe)”
Rozaq                    :”piye Fat, cepet li ngomong karo aku”
Fatimah                :”(karo basa sing sealus-aluse) inggih mas Rozaq, Alhamdulilah kulo ketampa”
Rozaq                    :”(bungah) yee…. Dadi iso mangkat bareng Fat, yo yo yo, ye ye ye “
Fatimah                :”ok…nebeng yo, nek saben dina ulih”
Rozaq                    :”ya tuan putri, apa si sing ora nggo kowe”
***
                Sesuke Fatimah wis kerja nang Perusahaan kuwe , dheweke di tempataken nang bagian Keuangan. Senajan Fatimah mung lulusan SMK, nanging dheweke bocah sing cerdas, terampil lan  multitalenta (opo  wae iso).
                Wis 1 wulan Fatimah kerja nang perusahaan. Menawa dheweke kerjane apik, sekang bagian Personalia mindhah Fatimah dadi sekretatis Pimpinan, amarga sekretaris sing biasane lagi cuti. Bose Fatimah wis kagungan putra 2, sing pertama lagi kuliah sing nomer 2 eseh SMA. Sing pertama kuliah nang Australia semester terakhir.
                Saiki Fatimah uwis sibuk karo gawean sing anyar, amarga kuwe ana hubungane langsung karo atasane, dadine Fatimah ora bias sembarangan gole kerja.
Pak Boss              : “ Fat, dina iki aku meetting nang ndi wae?”
Fatimah                : “ Bapak wonten meeting teng Surya Yudha jam 12.00, jam 02.00 wonten Hotel Asri, lan jam 08.00 wonten Surya Yudha malih”.
Pak Boss              :”owh…..ya wis, anu Fat sesuk Putraku Arya arep bali saka Australia kowe siapna wae acara nggo penyambutane nang kantor”
Fatimah                :”inggih pak, nuwun sewu asmane sinten nggih?”

Pak  bos               :”Arya Bagus Pambudi”
                Fatimah banjur nyiapaken acara kanti sederhana tapi mewah. Sesuke putrane pak Bos banjur maring Kantor. Nang kantor kabeh karyawan wis padha ngenteni tekane Arya. Mobil diparkirna pas nang ngarepe kantor, banjur metu wong dhuwur, nganggo jas, kulite putih, rambute ireng   nggelombang pokoke wis kaya Lee Min Hoo kae lha artis Korea. Kabeh Karyawan padha kesemsem,  Fatimah uga mekaten.
Arya                       :” Good morning everybody, and my father, how are you today”
Pak Bos                                :”(bungah)arya, piye kabare “.
                Sakwise padha  mriksani ketemune bos karo putrane, banjur kabeh karyawan padha kerja maning.
***
Nang kantor………………………
Pak bos                :”Fat, aku lagi ora penak awake, menggo kabeh kerjaanku kowee paringna nang Arya, dheweke lagi maring kene”
Fatimah                :”inggih pak.”
Menawa Pak bos lagi orang penak awake, kabeh kerjaan diparingna nang Arya. Ora ganti suwe Arya tekan nang kantor.
Fatimah                :”Sugeng siang Pak Arya,”
Arya                    :”Ya... hmhm penake aku aja di undang Pak ya, mas Arya wae kayane lewih kepenak, ora katon tuwa banget,”
Fatimah             :”Inggih-inggih Pak, e... inggih mas,” (mesam-mesem).
                                                                                                                                                                                 
Wis 2 tahun Fatimah kerja nang kantor saiki umure Fatimah kurang lewih 20 tahun. Biasane nek nang keluwargane Fatimah umuran semono wis padha mbojo, malah ana sing wis duwe anak. Nang ruang tamu ...
Ibu                       : ”Fat, piye kowe kerjane, lancar-lancar wae...”
Fatimah             : ”Inggih bu, Alhamdulillah,”
Ibu                       : ”Ibu pengen matur penting karo kowe, ndok,”
Fatimah             : ”Badhe matur nopo tho bu?”
Ibu                       : ”Kowe saiki wis dewasa ndok, wis cukup umure kowe nggo mbojo. Apa durung pengin?”
Fatimah             : (meneng wae).
Ibu                       : ”Kok kowe meneng tho ndok, ibu pengen ngerti saiki kowe wis siap durung?”
Fatimah             : (eseh tetep meneng wae).
Ibu                       : ”Ya wis, mbarang kowe meneng wae... ibu wis njodohna kowe karo anake bu Parjo, tangga desa kene.”
Fatimah             : (kaget) “Ibu, Fatimah mboten purun di jodohaken”.
Ibu                       : ”Ya... apa kowe wis duwe calone dhewe?”
Fatimah             : (meneng maning)
Ibu                       : ”Kowe angger ditakoni wong tuwa mbok ya aja meneng wae tho, ibu dadi bingung, lhe,”
Fatimah             : ”Ngapunten bu, Fatimah pun ngantuk, Fatimah ajeng bobo riyen,”
Ibu                       : ”Fatimah.... Fatimah,” (Ibune nimbali)
Wengi iki Fatimah ora bisa turu amarga dheweke kemutan ngendikane Ibune. Sebenere, selama Fatimah kerja nang kantor, Fatimah duwe rasa maring mas Arya, Bose Fatimah. Nanging Fatimah ora bisa matur maring mas Arya, amarga mas Arya bos lan uga bedha akhlaqe.
Mas Arya uga duwe rasa maring Fatimah, nanging mas Arya uga orang gelem ngomong langsung maring Fatimah, amarga mas Arya ngerti yen Fatimah kuwe bocah solekhah lan ngerti agama.
Nang kantor, Fatimah eseh kemutan bae ngendikane Ibune, Fatimah ngelamun.
Mas Arya          : (ngageti Fatimah) “Dor!!”
Fatimah             : (kaget banget) “...moh bu, Fatimah moh di ...”
Mas Arya          : ”Hey... kowe kenang apa Fat, agi ana masalah apa?”
Fatimah             : ”Mas Arya, mboten mas, anu... anu...
Mas Arya          : ”Anu apa?”
Fatimah             : ”Anu... anu... (eseh gelagapan)
Mas Arya          : ”Wis kene, crita wae, ra papa,”
Fatimah banjur cerita maring mas Arya, menawa dheweke arep dijodohna. Mas Arya langsung kaget ......

Fatimah             : (karo ngusap eluh) “Piye mas Arya, yen aku dijodohnaken, aku moh mas, saiki wis ora jamane Siti Nurbaya malih?”
Mas Arya          : ”Iya Fat, mas Arya ngerti, Fat...”
Fatimah             : ”Inggih mas?”
Mas Arya          : ”mas Arya pengen jujur takon karo kowe,”
Fatimah             : ”Napa mas?”
Mas Arya          : ”Wis 2 tahun kowe kerja nang kene, wis 2 tahun uga aku kenal karo kowe, aku sebenere ana rasa seneng karo kowe Fat?”
Fatimah             : (kaget) “Opo mas?”
Mas Arya          :”Ya.. aku tresna karo kowe Fat, iki sekang atiku dhewe,”
Fatimah             : (seneng tapi sedih) “Tapi mas,”
Mas Arya          : ”Iya... mas Arya ngerti, mas Arya dudu wong muslim, wis 3 wulan mas Arya sinau babagan agama Islam, Ibune mas Arya Islam dadi mas Arya njaluk warah nang Ibu.”
Fatimah             : ”Berarti mas Arya sampun muallaf?”
Mas Arya          : ”Alhamdulillah sampun,”
Fatimah             : ”Alhamdulillah, lha pak Bos sampun ngertos?”
Mas Arya          : ”Lha kuwe masalahe, mulane tekan saiki aku durung ngaweh ngerti maring sapa-sapa, nembe Ibu lan kowe sing ngerti,”
Fatimah             : (meneng tapi karo mikir).
Mas Arya          :”Kowe kok meneng Fat, mikiraken apa tha?”
Fatimah             :”Mas Arya, temenan tresna karo Fat?”
Fatimah             :”Iya Fat,”
Fatimah             : ”Mas Arya, dados muallaf mboten karena Fat bilih?”
Mas Arya          : ”Hmmm..... mas Arya sebenere mpun dangu pengen dados muallaf, nanging mboten angsal Bapak, lha pas mas kenal kalih Fat, mas rasane pengin banget dados muallaf. Mas pengen Fat dados ibu saking putra-putrane mas,”
Fatimah banjur seneng campur nelangsa lan uga atine lega banget, naliko sing ditresnani uga tresna tenan karo Fatimah.
Mas Arya          : ”Piye Fat, apa kowe gelem?”
Fatimah             : (sirahe temungkul)
Mas Arya          : ”Fat,” (penasaran)
Fatimah             : ”Inggih mas, Fatimah purun,”
Mas Arya          : ”Alhamdulillah.... (senenang banget). “Dadi kapan aku bisa maring umahmu, Fat? Aku ra pengen suwe-suwe pacaran, nek nang Islam kan ora kena pacaran, nanging ta’arufan iya kan Fat?”
Fatimah             : ”Inggih, leres niku mas, nggih terserah mas Arya mawon,”
Sorene Rozaq dolan nang umahe Fatimah.... Wektu kuwe Fatimah lagi nyante nang teras.
Rozaq                 : ”Assalamu’alaikum....”
Fatimah lan Ibu :”Wa’alaikum salam...”
Rozaq                 : (karo guya-guyu)sugeng  sonten bu,....”
Ibu                       :”Iya.... wis suwe tenan kowe nembe katon maneh, sibuk apa Zaq?”
Rozaq                 : (lenggah nang ngarepe Ibu) “Lha sibuk napa, wong kula nggih kerjane kados niki-niki mawon.”
Fatimah             : (mesem-mesem) ”Hmmmmmm
Ibu                       : ”Arep nginum napa kowe lhe, teh, kopi apa jus buah?”
Fatimah             : (ngledhek Rozaq) “Buah mad bilih bu...”
Ibu                       : “Ele... tenan ka, arep apa?”
Rozaq                 : “Teh nggih kenging,”
Ibu                       : “Sedela ya, tak gawekna disit,” (mlampah maring mlebet)
Rozaq                 : “Fat, aku pengen ngomong penting karo kowe...”
Fatimah             : “Aku uga pengen ngomong penting karo kowe Zaq,”
Rozaq                 : “Ya wis, aku apa kowe disit sing crita,”
Fatimah             : “Aku disit ya ...”
Rozaq                 : “Monggo, crita opo...”
Fatimah             : “Hmmmm .... aku wingi tes dilamar Zaq, maring mas Arya, bose aku kae lho...”
Rozaq                 : (Kaget) “Apa ...??!!” (langsng ngadeg, terus njagong maning, Rozaq katon lemes).
Fatimah             : “Ya Zaq, ati ku saiki seneng banget, amarga wong sing tak tresnani malahan uga tresna karo aku,” (Fatimah katon seneng).
Rozaq                 : (Glagapan) “Te..te.. terus kowe nampa lamarane?”
Fatimah             : “Iya Zaq, wis suwe aku tresna karo mas Arya, kowe seneng mbokan yen aku seneng, terus kowe arep crita opo?”
Rozaq                 : (Bingung, terus pamitan) “Yo wis aku ana acara maning, aku pamit disit, maturna ibumu, salam nggo bapakmu,”
Fatimah             : (Bingung, lan mbatin menawa ana apa karo sikape Rozaq miki).
Rozaq banjur mulih, dheweke ora sida crita maring Fatimah. Sebenere dina kuwi uga Rozaq arep ngomong yen dheweke tresna karo Fatimah, nanging Fatimah wis dilamar maring wong liya, atine Rozaq lara banget (nangis).
Nang umahe mas Arya ...
Bapak                 : (Gela karo mbanting vas kembang) (Prang...!!) “Apa kowe ora mikir, Fatimah kuwe sapa, kowe iki sapa Haa...?!!”
Ibu                       : (Ngadhem-adhemi Bapak) “Wis tho pak...”
Bapak                 : “Wis piye tho bu, anake dhewe pengen mbojo karo wong kaya Fatimah, pokoke Bapak ora terima!”
Mas Arya          : “Pak, Arya tresna tenan karo Fatimah Pak, Arya pengin....”
Bapak                 : (Medhot omongane Arya) “Tresna-tresna, pokoke kowe ora ulih mbojo karo Fatimah!” (mlaku lunga, numpak mobil).
Mas Arya          : (Mburu Bapake)  “Pak... Bapak...!!”
Bapake mas Arya banjur lunga maring kantor, garep marani Fatimah. Nang kantor Fatimah lagi nggarap laporan.
Pak Bos                :               (Teka-teka langsung gela, nguntalaken arta marang wajahe Fatimah) “Iki gaji kowe wulan iki wis tak tambahi duwit sangune, saiki kowe ora perlu kerja nang kene maneh!”
Fatimah             : (Kaget) “Astaghfirullah, kaluputanipun kuwa manap Pak?”
Pak Bos                :               (Wajahe abang) “Takon maning, wani-wanine kowe pacaran karo anakku, apa kowe ora sadar kowe iki sapa?!!”
Fatimah             : (Nangis) “A..a.. nyuwun pangapunten Pak, mas Arya ingkang tresna kalih kula!”
Pak Bos                :               “Aku ora peduli, wis saiki kowe ora usah kerja nang kene maneh..., mulih kana!”
Fatimah             : (Natani barang-barange banjur mulih karo nangis).
***



Fatimah             : “Assalamu’alaikum....,” (Eseh ngetoaken uluh).
Ibu                       : “Wa’alaikum salam..., lho sesuk-sesuk ka wis bali ana apa tho ndok, lho ko nangis, ana apa tho crita kenen karo ibu,”
Fatimah             : (Crita karo nangis) “Bu ... kula dipecat saking kantor.”
Ibu                       : (Kaget) “Apa, dipecat... Astaghfirullahal ‘adzim, lha kok bisa?”
Fatimah             : (Eseh nangis) “Nggih bu, kula dipecat amarga mas Arya tresna kalih kula, mas Arya mpun nglamar kula bu...?”
Ibu                       : “Mas Arya bosme kae ndok..?”
Fatimah             : “Inggih bu....” (huhuhu)
Ibu                       : “Ya Allah Fatimah, mas Arya mbokan dudu wong muslim, ora kena ndok wong muslim jejodohan karo wong dudu muslim, ibu uga wis ana jodho nggo kowe ndok, wis ra usah mikiraken mas Arya.”
Fatimah             : (Mbantah) “Tapi bu, saiki mas Arya mpun dados muallaf, aku moh di jodohnaken bu, aku sampun kadhung tresna kalih mas Arya,”
Ibu                       : (Madhan gela) “Fatimah, mbok ya kowe manut karo omongan wong tuwa, nek ra gelem karo putrane Bu Parjo, ya karo Rozaq kena,”
Fatimah             : (Kaget, eseh karo nangis) “Napa bu?! Rozaq? Rozaq bilih kanca kula kawitan alit, mboten mungkin Rozaq tresna kalih kula?”
Ibu                       : “Jere sapa, miki Rozaq nembe bae bali saka kene, Rozaq crita karo ibu menawa dheweke tresna karo kowe, pengen nglamar kowe, nanging kowe wis dilamar wong liya,”
Fatimah             : (Meneng tapi luhe isih metu)
Ibu                       : “Kowe apa ora ngerti yen anding Rozaq arep nglamar kowe, lha saiki Rozaq lagi gela atine lan kecewa amarga kowe wis ana sing duwe, lha saiki Rozaq arep maring Malaysia, arep dadi TKI, mangkate sesuk Rebo,”
Fatimah             : (Meneng.... langsung mlebu meng kamar)
Saiki atine Fatimah bener-bener gela, wis kelangan kanca, kelangan mas Arya, uga kelangan pahalane/kerjane.
Fatimah njajal nelpon Rozaq, nanging ora aktif. Fatimah bingung, saiki dheweke mung bisa nangis lan pasrahaken kabeane marang Allah ingkang Maha Bijaksana. Nang umah mas Arya uga lagi njajal nelpon Fatimah, amarga mau jere sopire mas Arya, Fatimah dipecat dening Bapake. Nanging Hpne Fatimah uga ora aktif. Dadi mas Arya tambah khawatir.

Sesuke mas Arya maring umahe Fatimah (Tok...tok...tok...)
Mas Arya          : “Assalamu’alaikum..”
Ibu                       : “Wa’alaikum salam, ya sedhela, sapa ya?”
Mas Arya          : “Nuwun sewu bu, Fatimah wonten?”
Ibu                       : “Fatimah, Fatimah lagi maring umahe Rozaq, kowe sopo yo...?
Mas Arya          : (salaman) “Kula Arya bu,”
Ibu                       : “Ow... kowe tho sing arane Arya, Fatimah agi maring ndheke calon bojone!”
Mas Arya          : (Kaget) “Calon bojo?”
Ibu                       : (Judes) “Iya, calon bojone, saiki kowe ora usah ngganggu Fatimah maneh, Fatimah wis ana sing duwe!” (nutup lawang).
Mas Arya langsung kaya wong bingung, atine ora genah rasane, nanging nang tengah dalan mas Arya ketemu karo Fatimah.
Mas Arya          : (Mlaku nyepaki Fatimah) “Fatimah...”
Fatimah             : (Madhep mburi) “Mas Arya,”
Mas Arya          : “Fatimah, mas Arya sekang umahmu, nanging miki kowe ora nang umah, apa kowe sekang umahe Rozaq, calon bojone kowe?”
Fatimah             : “Inggih mas kulo saking nggene Rozaq, nanging Rozaq sanes calon bojone kulo, mas Arya. Mas Arya angsal informasi saking sinten?”
Mas Arya          : “Saking ibune Fatimah, wau ngendhikane calon bojone Fatimah?”
Fatimah             : “Pancen leres kulo badhe dijodohaken, nanging kulo mboten purun mas, kulo tresna kalih mas Arya, nanging ...”
Mas Arya          : “Nanging apa Fat?”
Fatimah             : “Naning Bapake mas Arya mboten kersa yen kulo kalih mas Arya jejodohan.”
Mas Arya          : “Wis tho Fat, urusan Bapak saiki urusanku wae,”
Fatimah             : “Nanging mas, Rozaq iku kancaku kawit alit, nanging Rozaq matur kalih ibu, dheweke tresna karu aku mas,”
Mas Arya          : “Terus ibune Fatimah piye, Rozaq wis ngerti yen kowe wis duwe aku?”
Fatimah             : “Ibune kersa yen aku kalih Rozaq, Rozaq uga mpun ngertos aku kalih mas Arya, mula saiki Rozaq badhe teng Malaysia, mangkeniki kula teng nggene Rozaq, Rozaq pamit kalih kula,”
Mas Arya          : (Atine lega) “Owh.. berarti saiki gari urusane aku karo Bapak lan Fatimah karo ibune Fat,”
Fatimah             : “Nggih, mangke kula cobi matur kalih ibu,”
Pas jam 19.30, wektune maem, Fatimah, Bapak, lan Ibune lagi padha dhahar.
Fatimah             : “Ibu, Bapak, Fatimah nyuwun ngapunten, Fatimah mpun mboten ngabekti kalih Bapak lan Ibu, nanging Fatimah saestu tresna kalih mas Arya Pak, Bu?”
Ibu                       : (Mandheg dhahar) “Ora bisa, pokoke kowe kudu karo Rozaq, kowe kudu ngenteni Rozaq bali saka Malaysia,”
Bapak                 : “Wis tho bu, kabeh iki sing arep nglakoni Fatimah, yen Fatimah karo Rozaq mengko malah nyiksa batine Fatimah, ben Fatimah wae sing milih bu?”
Ibu                       : “Ora Pak, Fatimah pokoke kudu karo Rozaq,”
Fatimah             : (Nundukaken sirah).
Bapak                 : “Bu, wis tho, Fatimah kuwe wis dewasa wis bisa milih apa sing paling apik kanggo awake dhewe, wis bisa milih kebahagiaane dhewe, Ibu lan Bapak menawa wong tuwane kedah dongakna putrane ben uripe slamet dunyane lan akherate, bu...”
Ibu                       : (Meneng karo mikir, langsung meluk Fatimah) “Fat, Ibu njaluk ngapura ya, Ibu wis egois, Ibu mikirna awake dhewek thok, saiki kowe ulih milih sapa bae sing pantas karo kowe,”
Fatimah             : (Nelangsa campur seneng) “Alhamdulillah, matur nuwun Bu, Pak, Fatimah seneng amargi Ibu lan Bapak maringi restu kangge kula lan mas Arya.”
***
Nang omahe mas Arya :
Arya                    : ”Pak, kulo saestu tresna kalih Fatimah,”
Bapak                 : “Pokoke kowe aja karo Fatimah, apa kowe garep ngisin-isina keluwargamu,”
Arya                    : “Pak, aku iki wis dewasa, aku ngerti sing paling bener, sing paling cocok nggo dadi bojoku Pak,”
Bapak                 : “Cocok...? Jaman saiki wis ora payu, cocok nek kowe ora bisa mangan saben dina, piye? Fatimah kuwi wong muslim, lha kowe?”
Arya                    : “Tap..tap.. tapi... aku...?”
Bapak                 : “Tapi apa? Apa kowe wis dadi muslim?”
Arya                    : (manthuk-manthuk)
Bapak                 : (nampong Arya) “Plak...!! apa kowe ora mikir, kowe saiki wis wani nglawan wong tuwa..!!”
Ibu                       : “Astaghfirullahal ‘adzim, Bapak, eling pak, eling...”
Bapak                 : “Kowe ora usah melu-melu bu..”
Ibu                       : (kesuh) Pak, apa Bapak ora mikir, mbiyen aku uga ora olih mbojo karo Bapak, nanging aku tetep meksa maring ibu mbiyen, aku rila mbiyen diusir, ora mangan, turu nang ndalan,” (karo nangins).
Bapak                 : (meneng karo mikir, mriksani Arya bae langsung mlebu maring kamar).
Ibu                       : (meluk Arya) “Arya, ibu ngerti kowe tenan tresna karo Fatimah, ibu wis ngrestui kowe karo Fatimah, nek kowe garep mbojo karo Fatimah, yo wis... kapan arep nglamar?”
Arya                    : (ngusap luh) “Saestu Bu?”
Ibu                       : “Iya lhe,”
Arya                    : “Matur nuwun bu, ngenjang ibu saged?”
Ibu                       : “Iya...”

Sesuke Arya karo Ibune maring umahe Fatimah, sakperlu nglamar Fatimah.
Ibune Arya       : (Thok..tok.tok..) “Assalamu’alaikum...”
Ibune Fatimah   :               “Wa’alaikum salam..” (mbukak lawang).
Ibune Arya       : “Sugeng siang bu,”
Ibune Fatimah   :               “Inggih... Nak Arya?”
Arya                    : “Sugeng siang Bu,”
Ibune Fatimah   :               “Monggo-monggo, pinarak,”
Arya                    : “Inggih..”
Ibune Arya       : “Nuwun sewu Ibu, kulo teng mriki sepindah badhe silaturahmi, kaping kalih menawa putra kula Arya tresna kalih putrane Ibu, Fatimah. Kula teng mriki sakperlunglamar Fatimah kangge putra kulo, Arya.”
Ibune Fatimah   :               “Inggih kawulo ngertos menawa Arya tenan tresna kalih Fatimah, nanging sedhanten menika Fatimah ingkang badhe mangsuli pitakene ibu, mangke Fatimah tak dundang rumiyin,”
Ibune Arya       : “Ow.. inggih monggo,”
Ibune Fatimah   banjur ngundang Fatimah sing lagi nang kamar.
Ibune Fatimah   :               (mbukak lawang kamare Fatimah). “Fat, kae nang njaba ana mas Arya karo Ibune, dheweke arep nglamar kowe Fat,”
Fatimah             : (kaget) “Masya Allah, mas Arya badhe nglamar kulo Bu?”
Ibune Fatimah   :               “Iya Fat, wis kana, temoni disit,”
Fatimah             : (atine bungah) “Alhamdulillah, inggih bu?”
Ora ganti suwe, Fatimah langsung mas Arya karo Ibune mas Arya.
Fatimah             : (salaman karo Ibune mas Arya) “Sampun dangu Bu?”
Ibune Arya       : “Wis ndok... piye kabare, sehat?”
Fatimah             : “Nggih niki, Alhamdulillah,”
Mas Arya karo Fatimah pada lirik-lirikan.
Ibune Fatimah   :               (dhehem-dhehem) “Ehem...ehem.. sing lagi padha lirik-lirikan, mesti wis padha kangen kuwe,”
(Fatimah langsung nundhukna sirah, mas Arya uga kaya ngono)
Ibune Arya       : “Piye Fat, apa kowe eseh tresna karo Arya?”
Fatimah             : “Inggih Bu,”
Ibune Arya       : “Berarti kowe nerima lamarane Arya?”
Fatimah             : “Inggih Bu,”
Banjur sing nang kono pada ngucapna syukur kabeh. Nanging, ora diduga, Bapak mas Arya maring umahe Fatimah.
Bapake              : “Arya..!!”
Arya                    : “Bapak...” (langsung ngadeg)
Bapak                 : “Kowe perlu apa tekan nggene Fatimah?”
Ibune Arya       : “Pak, aku wis nglamar Fatimah nggo Arya,”
Bapak                 : “Terus piye Fatimah,”
Ibune Arya       : “Fatimah... Fatimah ya nerima, gandheng padha-padha tresna..”
Bapak                 : “Ya wis, syukur, dhumung bisa ndongakna bae,”
Arya                    : (kaget menawa saiki bapake wis ngrestui Arya karo Fatimah) “Saestu Pak, Bapak sampun ngrestui hubungane kulo kalih Fatimah?”
Bapak                 : “Hmmm...”
Arya                    : “Alhamdulillah Ya Allah...”
Saiki padha ngucapna syukur kabeh menawa wis ora ana sing ngalangi hubungan Fatimah karo Arya. Pawitane Bapake Arya, sing maune ora setuju, saiki atine wis kebukak amarga Bapake Arya mikir yen dheweke mbiyen uga ora ulih mbojo karo Ibune Arya. Nanging, wong sing senenge tresna arep di kepriwe maning ya tetep tresna. Akhire, Bapake Arya ngrestui hubungane Arya karo Fatimah.
Sewulan kepongkur, Arya karo Fatimah akhire mbojo. Pancen Gusti Allah nek wis kehendak ora ana sing bisa ngelak. Saiki Arya karo Fatimah dadi keluarga sing bahagia, lan uga wis kagungan putra.
 
===oOo===
 



SOMBONG ISO NGRUSAK KEKANCAN



Suleman , Asri , Rege, lan Vega uwis suwe dadi konco. Cah papat kuwi dasare anake wong sugih. Kerep jajan bareng-bareng kerep seneng-seneng bareng. Ananing, kabeh dadi maleh  pas bapake Rege bangkrut.
Neng ruwang kelas pas agek piket.
Rege                : “Man, , , aku, entuk njaluk tulung ra.”
Suleman          : (etok-etok ra krungu)
Rege                : “wee..!! man! Njuk tulung entuk raa?! Tulung balekno sapu iki sisan , kowe     yo wis rampung nyapune to..!”
Suleman          : “appa. .! mbalekke. . awang-awangen. !”
Rege                : “asem iki, kowe bar mangan opo to Man. Ko ndengaren Jutex men karo aku”. Suleman          : “arep ngoppo. Mangan opo yo uduk urusanmu!! Wis minggiro kono!”
Asri                 : “wis-wis, kowe do ngopo to. Ko kerenagn wae. Nak eneng masalah ki yo mbok di omongke apik-apik”
Vega                : “ho oh. . . lha ngopo to Man , kok kowe koyo  nesu karo Rege ngono.”
Rege                : “(nyelehke sapune) ora!sopo seng kondo. Awake dewe apik-apik bae to Man.”
Suleman          : “Ra! Aku saiki ra seneng karo kowe, kowe saiki mlarat, wis do minggir- minggir!”
(Lungo  neng mburi karo nggowo sapu)
Asri                 :”Sek yo. . tak marani Sule disik ( Lungo)”
Vega                : “(gedeg-gedeg) Yo wis. . . sante bae. . pancen Suleki wonge ngonno. . Ra sah mbok pikir. .
Rege                : “Hah. .ck . .laiyyo to Peg. Aku yo ra ngiro suleman ngono. Jebolno wonge sombong banget.”
Vega                : “ssst ojo banter banter wonge ndak krungu.”(KRUNGU SUORO BEL) Ho. .! wis bel. Gek balekno sek sapune.
Wis pirang-pirang ndino Rege karo Sule ora dolan bareng. Sule milih dolan karo Asri lan cah sugeh-sugeh liyane. Terus, sak wijine esok
Asri                 : “Sul, kowe ngerti ra”
Sule                 : “oppo !”
Asri                 :  “Aku nduwe Hp anyar . lho iki. . isoh di pencet – pencet layare lho, kowe Ra nduwe to.”
Sule                 : “eh. Ho oh apike, oppo merke. Regane piro?”
Asri                             : “iki Hp **** ****   Regane murahh. .  mur Rp. 6.789.000,-. Smart phone lho iki.”
Narator            : “padahal kuwi mur seng nyileh. .!”
Sule                 : “Halah. Mur semono to regane . kecil no. Bapaki kan dadi bos.”
Asri                 : “(Kaget) wuss. .! elok tenan . yo wis sesok tukuwo yo, seng luwih apek soko iki.
Sule                 : “(karo pedene sule ngomong. . . . .)” iyyo. .gampang . . bisa diatur .”
Asri                 : “hallah . .!”
Wektu muleh sekolah. Suleman wis tekan ngomah. Teus langsung
Sule                 : “Pak, pake tukok ne Hp !”
Bapke              :” heh! Oppo! Nyerako rene!”
Sule                 : “pak. Anu . .tukok ne Hp Pak.”
Bapke              : “opo! Tuku Hp! Meneh! Lha Hpmu seng kuwi arep kok nggo opo.”
Sule                 : “iki. . .kurang apek,. . ungsume saiki Hp seng isohdi pijet layare.”
Bapke              : “( njane arep nganndani, neng ora kuwat, dadi bpke nyeluk ibu’e. . )”
                            Bu . . .! bu’e. . . .
Ibu                   : “yo. . kosek . . enek oppo to pak.”
Bapak              : “(ngei isyarat) kandanono anakmu kono . .!”
Ibu                   : “Lee . . ., ngene lho. Takkandani yo. Neng ojo kaget!”
Sule                 : “enek opo to Bu?!”
Mboke             :  “piye yo( menghirup napas panjang. . ancang- ancang. .siap. .Yakk!) Bapakmu ki agaek ana masalah nang kantore, ana klienne bapakmu seng wis marai rugi perusahaan.”
Sule                 :” maksude .”
Ibu                  : “yoo . . kowe ra iso tuku Hp. Bapakmu kapusan. . mulo awake dewe kudu hemat ,ora sah tuku sing ora penting. Omah iki, sesok kudu ditinggalke, keluarga iki kudu golek omah seng luwih sedrhana . terus omah iki. Di dol.”
Sule                 : “Opo. . .!! ora mungkin. . .!!!-  maksude bangrut.”(Ngawaske drijine . . terus. .) ora urusan! Pokoke kudu tuku Hp!  Titik!!”
Bapake            : “( Brakkkk!!) We!!, ora susah ngeyel, mbok yo ngerti keadaane wong tuwo sitik ngono lho!”
Sule                 :” neng . . . neng . . aku. .”
Bapake            :” ora enek neng-neng an, pokoke kowe kudu hemat!”
Sule                 : “asem!(lungo neng kamare)”
Bapake            :” we, ngopmong oppo kowe. . (lingguh) Kurang ajar banget cah kuwi . .!”
Bapake            : “salahe sopo seng manjake banget “
Bapake            : “Ibue, piye nek saiki ngejak sule neng  ngendi  ngono?”
Ibu                   : “Lha  neng ngendi. .?”
Bapake            : “wis kuwi rahasia. Pokoke celuken Sule, nek ora gelem kondo wo arep di tukokne Hp.”
Ibu                   : “iyo.”
Ibu                   : “Sule, rene osek le. . arep di jak bapak mu.”
Sule                 : “yo ( moro) arep sido ditukok ne Hp to bu.”
Ibu                   :” yo embuh, pokoke melu bapakmu sek.”
Suleman karo Bapke numpak mobil neng ngendi ngono. Terus , Sule mikir. . Lho kok aneh, ambune ngapusi iki. .
Sule                 : “(miduk soko mobil), lho kok rene ngopo rene, ora arep teku Hp to.?”
Neng perkampungan pemulung ..............
Bapake         :”cobo deloken uwong-uwong kuwi.saben dino kerja keras gor dinggo Madang, awake dewe kudune ber sukur wis urip kecukupan saben dino. Kowe kudune ngerti , uwong –uwong iki ora saben dino iso mangan, sok mangan mung nganggo sego aking. Tak kandani yo lee. . urip ki ora mesti neng nduwur  terus utowo neng  ngisor  terus. Nek awake dewe tau sugeh, awake dewe yo kudu siap dadi mlarat. Ngerti.”
Sule                 :”ngrtos pak.”
Bapake                        :” ngerti tenan rak?!! Dadi sido tuku Hp ra?!!”
Sule                 :” mboten mawon pak. Pak .  kulo nyuwun gapunten geh pak.Kulo pun sadar.”
Bapake            :” lha ngono no, yo tak ngapuro, ra po po, neng ndengaren kowe nganggo boso kromo karo bapak he le??!”
Sule mikir nek sesok arep njaluk ngapuro karo Rege lan dadi koncone meneh.
Esok wis teko, pas arepe bel masok. .
Sule                 : “Rege, !”
Rege                : “ngopo lee. Jarene ra pengen kenal meneh karo aku. .”
Sule                 : “sopo seng kondo??”
Rege                : “yo wis arep ngomong opo?!”
Sule                 : “ngene. . anu. . aaku . .njaluk ngapuro yo . .(karo ngejak salaman)”
Rege                : “Ra ! Ra nduwe ngapuro!”
Sule                 : “Ha!”
Rege                : “Ora-ora, mur gojek, yo genah tak ngapurolah.(nggegem tangane Sule)”
Vega                : “Lha mbok ngono. .  mung konco kak mbiyen kok arep mungsuhan. . ho oh ra    Sri .”
Asri                 : “yo . . ho oh! Terus kowe sido tuku Hp ra’?”
Sule                 :” Ora kok Sri. Eeem. . Bapaku kapusan. Saiki keluarga ku lagi krisis. .”
Asri                 :” Oowwww”
Rege                : “Ho oh To Le, yo wis ra popo. Sante ae. Mesti enek jalan keluare pokoke gawe kepenak bae.”
Sule                 : “Bener kondomu Ge.”
Teett. . .Teett. . bel mlebu

 
KANCA SEJATI

Wayah esuk, nang sawijining taman, ana bocah putri telu agi padha lungguh gegojegan sinambi crita babagan pelajaran sekolahe.
Iyan
:
Minggir-minggir, anak Bupati arep lungguh!
Tina
:
Ya emoh lah, lha wong sing  lungguh nang kene aku dhisit, kok!
Sekar + Wilis
:
(bebarengan) Iya lho .. . !”

Anna
:
Heh cah ndesa, domongi ki ora usah ngeyel! Aku arep lungguh, ngerti!
Sekar
:
Mbok lungguh kursi liya, kan ya esih ana!”
Ipung
:
Eh tak omongi ya, kene iki panggonane sing khusus kanggo anak Bupati karo kancane, bocah liya ora ulih lungguh nang kene.
Wilis
:
Wis ngalah bae rasah reang,sing waras ngalah!
Anna
:
Yan, kursine diresiki dhisit, Yan. Iki bekase cah ndesa, mengko malah ketularan ndesane!
Iyan
:
Ya, tok resiki dhisit” (ngelap kursi), iki wis resik  ayo lungguh!
Anna
:
Pung wingi bapak tindak Jakarta lho, aku diparingi ulih-ulih sepatu anyar.
Ipung
:
(nggumun) wah jan apik temen ya! Lewih apik maning angger aku dijajanaken maem nang kantin.
Anna
:
Halaaah, geleme mung angger dijajanaken thok. Ya wis ayo meng kantin mengko takbayari.
Panggung
:
(Ana jero kelas)
Tina
:
Aku sebel banget maring anak Bupati  karo CS-e sing sombonge jabang bayi.
Maria
:
Padha, dheweke rumangsa duwe kekuasaan dadine, ya kemayu ra ketulungan.
Wilis
:
Aja kaya kuwe, mengko mbokan krungu dhewek bisa deajar, lho!
Sekar
:
Halaaah ora wedi, karo cah kaya kae be wedi!
Tina
:
“Nembe dadi anak Bupati bae wis gumedhe, apa maning dadi anak Presiden,  kaya ngapa gedhene sirahe! (Anna nyedhak)
Anna
:
Wah kayane mripate aku keduten, jebul ana sing ngrasani Ya!”
Iyan
:
Bener, gondheli mripate mbok ucul!”
Ipung
:
Disuwek-suwek bae buku tugase.
Anna
:
(Nyaut buku tugase Tina terus disewek-sewek) Rasakna! Mulane aja neka-neka karo aku!
Wilis
:
Aku wis ngomong aja ngrasani, lha temenan kan?”
Tina
:
(nangis karo mingseg-mingseg) dhuh Gusti, ana wong ka kaya kuwe.
Sekar
:
Wis rasah nangis, kaya kuwe bae kok nangis!
Panggung
:
(Ana umahe Ipung, lungguh lincak nang teras)
Anna
:
Pung  . . . Pung . . . .!”
Ipung
:
Wah kadingaren dolan maring ngene, ana pa, ki? Mlebu ya . . . .!”
Anna
:
(Lungguh banjur crita) Pung, bapakku ketangkep polisi!
Ipung
:
(kaget) haaah ketangkep polisi? Sebabe apa?
Anna
:
Bapakku didakwa korupsi!
Ipung
:
Korupsi?
Anna
:
Pung aku ulih ora nginep kene? Aku isin nang umahe aku akeh wartawan.
Ipung
:
“Kepenake kowe nang umahe Iyan bae ya!
Abreta
:
Lho kowe ka kayakuwe si?
Ipung
:
(ngguya-ngguyu) soale . . . . soale . . .!”
Anna
:
Ya wis nek kowe ora gelem nulungi aku, sejatine pencen kowe ra tulus kancanan karo aku, Pung!
Panggung
:
(Neng umahe Iyan, nembe tekan plataran umah)
Anna
:
Yan . . .  Iyan . . . .!”
Iyan
:
Kowe ngapa maring ngene? Aku bar nonton TV, Bapake ko tukang korupsi, mbokan? Aku emoh nduwe kanca anak koruptor!
Anna
:
Yan kowe koh tega ngomong kaya kuwe si. Aku mau diusir sekang umahe Ipung, masa siki aku kon lunga maning?
Iyan
:
Aku wedi nek cepak karo kowe, mengko mbokan kegawa perkarane bapake ko!
Ana
:
Ya wis, Yan . . . . mbok menawa iki wis dadi nasibe aku kudu kelangan kanca-kancane aku.
Panggung
:
(nang dalan, pas Anna arep mlaku bali)
Wilis
:
Na, arep meng ngendi? Kadingaren kowe mlaku?
Anna
:
Ora usah ngece, kowe mesthi padha seneng ngerti bapake aku ketangkep polisi.
Sekar
:
Hah . . .  ketangkep polisi?
Tina
:
Lha apa sebabe?
Anna
:
Bapake aku kena kasus korupsi, kowe mesthi arep ngece karo ngguyoni aku, kan?
Sekar
:
Aja kaya kuwe, kanca sing agi susah, ya ora bakal diguyu.
Wilis
:
Lha terus kowe kok malah nang kene? Kudune kan nang ngumah?”
Anna
:
Nang ngumahku akeh wartawan Lis, aku isin.
Tina
:
Ya wis meng umahe aku bae, mengko kanca-kanca mbantu nggolet cara kanggo ngindhari perkara sing kowe adhepi.
Anna
:
Kowe kabeh ora sengit kan karo aku, aku kan wis tau nglarani atine ko?
Wilis
:
Karo kanca ora kena sengit-sengitan, kabeh kuwe padha- padha manungsa sing akeh klera-klerune.
Anna
:
Kar, Tin, Lis, aku . . .  aku  . . . njaluk ngapura ya. Aku nembe krasa, angger kanca sejati kuwe, dadi kanca wektu seneng karo susah.
Wilis, Sekar, Tina
:
Iya padha-padha Na. Ayo  cepet kae mendhunge wis arep njeblug!



SUBASITA

                Pak Muhsin duwe bojo arane Bu Mira lan duwe anak 2 kembar sing arane Lena lan Leni. Lena duweni sifat apik lan manut marang wong tua. Leni duweni sifat sombong utawa angkuh. Ing sawijining dina Pak Muhsin tindak sabin lan Ibune dawuhi Leni ndugekna bekal kangge Bapake.
Ibu         :Leni .. jujugna bekal iki yo meng sawah kangge Bapakmu. (karo meken bekal meng Leni)
Leni        :Gah lah Bu ! Nyong lagi sibuk.
Ibu         :Astagfirulloh Leni .. deneng ko dadi kaya kue temen.!
Leni        :(lunga kambi sesumbar)
                Krungu Ibu lan Leni ribut, Lena metu kang kamar.
Lena      :Wonten nopo Bu?
Ibu         :Iki lo ndo, si Leni diprentah ora gelem.
Lena      :Anu diken nopo si Bu?
Ibu         :Kon njujugaken bekal iki kanggo bapak nang sawah.
Leni        :Nggih mriki Bu, lena mawon.(karo mendet rantang nang astone Ibune)
                Ora sue Leni mlebu omah karo mrengrut lan langsung nonton tv lan Lena metu meng sawah.
Ibu         :Leni .. ngumbai klambi disit, nembe nonton tv.
Leni        :(deleng tv baen)
                Setekane nang sawah Lena nimbali Bapake.
Lena      :Pak .. Pak ..??
Bapak    :Ana apa?
Lena      :Dhahar rumiyin Pak, niki Pak dhaharane.
Bpak      :(terus ngampiri Lena)
                Sawise Bapake rampung dhahar Lena bali. Setekane nang umah.
Lena      :Assalamu’alaikum.
Leni        :(meneng baen)
Ibu         :Wa’alaikum salam. Lo Na, cepet temen gene jujugna maemane.
Lena      :Nggih Bu, mangke niki Bapak teras dhahar dados sesampune dhahar kulo wangsul.
Ibu         :Leni … deneng ko urung ngumbai?
Leni        : sing  ngumbai Lena baen lah Bu.... .
Ibu         :Wong Ibu prentahe meng ko.
Lena      :Astaghforullah hal'adzim Len, ko deneng dadi kaya kue.
Leni        :Ya wis nganah lah, ko baen sing ngumbai klambine.
                Akhire Lena mlaku meng kamar mandi lan ngumbai, terus pas Lena lagi ngumbai Leni teka maringi.
Leni        :(nendang ember)
Lena      :Ya Alloh .. ana apa si Len. Gawe masalah baen teyenge. Lagi kenangapa si ko?
Leni        :Kenangapa-kenangapa ! (samben junjung ember isi banyu lang nyuntek banyune meng Lena)
               ( Bapake pirsa pas Leni lagi ngguyur Lena.)
Bapak    :Masyaalloh .. ana apa ?
Leni        :(meneng lan mrengut)
Lena      :Niku Pak, kulo saweg ngumbai, teras Lena ngguyur kulo.
Leni        :Li ora Pak ! Aku ngerti apa-apa ora koh.
Bapak    :Wong Bapak miki weruh ko lagi ngguyur Lena.
Leni        :Huuuhh .. ya la Pak. Ora sengaja.
Bapak    :Bocah koh kaya kue meng dulure dewek. Bapak li marai ko awit cilik apik-apik terus. Ko koh dadi kaya kue temen. Niru sapa si?
(Lagi diomongi Bapake, Leni terus lunga. Sewengine pas arep bubu, Leni takon meng Lena.)
Leni        :Len … ngapa si Ibu kambi Bapak apa-apa bela lan ngeman ko? Aku sebel ora diperhatikna.
Lena      :Bapak kambi Ibu eman kambi dewek bocah loro, ora tau pilih kasih. Ko baen sing kadang angel diomongi lan kadang ko juga sing gawe masalah ora gelem diprentah nang wong tua. Dadi kadang Ibu kambi Bapak sebel kambi ko.
Leni        :La wong Ibu kambi Bapak teyeng pahal dewek dadak prentah kambi aku.
Lena      :La kue sing disebeli nang Ibu kambi Bapak. Sifate ko sing ora bias dewasa, mbok ya berubah. Mikir wis gede, apa enggane kon apa-apa wong tua. Wis sukur aben dina esih bisa dimasakna. Apa salahe dewek bantu Ibu lan Bapak.
Leni        :Mbuh lah ora tak pikir.
Lena      :Ya wong ko teyenge mikire dolan tok.
Leni        :(delengna Lena kambi gela)
Lena      :(metu kang kamar)
                (Esuke pas arep sarapan).
Ibu         :Lena .. Leni sarapan disit.
Lena      :(metu kang kamar) Nggih Bu.
Ibu         :La Leni nang ngendi ?
Lena      :Mengkin Bu.... niki saweg sisiran.
Leni        :(metu kang kamar, terus jagong nang ruang maem kambi samparane munggah nang korsi utawa jegang)
Ibu         :Leni … lenggahe sing bener wong bocah wadon.
Leni        :Ya lah.
                Ora sue Bapake metu kang dapur.
Bapak    :Leni .. Leni, wong kambi wong tua ora tau basa, kaya ora tau diwarai basa. Basa mung kambi wong liya tok, meng Bapak lan Ibu ora tau.
Ibu         :Ya, diomongi kadang ora tau dirungokna . Karepane dewek tok. Mbok ya wis gede, sopan santune ditingkatna lewih apik maning, malah tambah gede ilang sopan santune meng wong tua.
Leni        :(sirahe nunduk)
Bapak    :Wis lah Len, mulai siki rubah sikape, manut marang wong tua. Nek matur ugo basa aja mung kambi wong liya tok.
Leni        :Nggih Pak .. Bu. Kulo nyuwun pangapunten mbok bilih kulo matur biasane mboten sopan.
Ibu         :Ya Len, wis ora apa-apa.
                Terus Leni meluk Ibu, Bapak lan Lena. Akhir crita Leni gelem ngrubah sifate nanging durung bisa ngrubah sekabehane, nanging wis gelem basa marang wong tuane lan gelem diprentah nang wong tuane.
Nama    :RUFI YUNITA SARI
Kelas     :XII AP 2
NO.A     :22

 

47 comments:

  1. lumayan, nanging pengembangan crita tasih kurang..

    XII AP 3

    ReplyDelete
  2. KATRESNAN
    drama niki critane sae mawon , enten tresna tiyang 3 kisah cintanepun rumit . teng critane niki sedih nanging sae mawon . kisah cintane mas arya uga sae sekolah adoh adoh teng australia nanging mbojone kalih sekertarise dewe sing sekolae tamatan smk , nek di sawang fatimah ya milih mas arya sing di tresnani timbang di jodohake opo karo rozaq sing kanca kawit cilik . kisah cintane mas arya karo fatimah akeh rintanagne saking ora di restui karo wong tua 2 ne . nek jodo niku mboten teng pundi pundi pepatah sing pas go nggambarake drama katresnan ing duwur . maturnuwun
    nama :Bintari mei lestari
    kelas :XII BB
    no absen :02

    ReplyDelete
  3. critane "kanca sejati" sae,nanging tasih kathah sing kirang tuladha: kekompakane kirang,keharmonisan kirang menonjol.
    saran : kabeh wong ning dunya pada bae.aja mbedak mbedakna derajat.

    nama : Nita Trihana F
    kelas : XII RPL 2
    no : 18

    ReplyDelete
  4. dramane sae, kapan-kapan saged ditambah malih..
    maturnuwun.

    Kholimah XII AK 1

    ReplyDelete
  5. dramane sae, kapan-kapan saged ditambah malih..
    maturnuwun.

    Kholimah XII AK 1

    ReplyDelete
  6. "SUBASITA"
    crita iki ngajarna kanggo dewek amarga dewek marang wong tua kudu sopan, aja sulaya karo wong tua, manut nek diprentah.
    critane lucu lan apik.

    nama : dewi purboningrum
    kelas : XII RPL 2
    no. absen : 09

    ReplyDelete
  7. dramane sae sedanten..kulo sneneng sanget maose...saged nambah ilmu pengetahuan ing babagan drama...kados karakter wong ing crita lan sanesipun...jos!!!!!mantap pak pokoke...ngenjing dtambaih malih..kulo sregep lan dados tiyang sing maos kawiwitan ^_^
    Nama :Muhimatul Muzayyanah
    Kelas:XII AK 2
    NO :18

    ReplyDelete
  8. dramane sae sedanten. saged nambah pngetahuan. ceritane ditambah malih sing ceritane lewih menarik malih . dados saged nambah pengetahuan lewih luas .

    evi dwi cahyani
    XII PM2
    11

    ReplyDelete
  9. drama subasita

    dadi anak kudune manut marang wong tua, aja njawal lan aja dadi anak durhaka, amarga kanggo kehidupane dewek ngemben :)
    critane maen kanggo bocah remaja ..

    Nama : Rina Farhatun
    Kelas : XII RPL 2
    No. Ab : 22

    ReplyDelete
  10. " KANCA SEJATI "
    Ceritane wes sae, nanging penggunaan bahasane kurang apik.
    Banjur cerita kui bisa nggo pelajaran bocah-bocah, sebabe kabeh manungsa ora kena milih-milih kanca tur ora kena sombong.

    Nama : TRI SUMARAHWATI
    Kelas : XI RPL 2
    Absen : 29

    ReplyDelete
  11. crita "Kanca Sejati"

    critane maen, sebab kanca sejati iku ora mandang derajate wong lia. kanca sejati kuwe ana kapan bae dewek lagi susah apa seneng.
    critane apik .

    Nama : Annisa Nurul Ilma
    Kelas : XII RPL 2
    No : 03

    ReplyDelete
  12. Drama "Kanca Sejati"
    dramane sae sedanten. saged nambah motivasi lan kangge pelajaran tentang penitinge kekompakan.

    NAMA : NUR FITRI FEBRIYANI
    KELAS : XII RPL 1
    ABSEN : 22

    ReplyDelete
  13. dramane sae , lewih sae nek ditampilaken teng sekolahan langsung siswa siswi mersani langsung , amanat saking cerita niki tersampaikan lan apik kangge motivasi kulo lan lare lare remaja.

    ReplyDelete
  14. dramane sae , lewih sae nek ditampilaken teng sekolahan langsung siswa siswi mersani langsung , amanat saking cerita niki tersampaikan lan apik kangge motivasi kulo lan lare lare remaja

    ANING
    XII RPL 2
    ABSEN 02

    ReplyDelete
  15. drama KANCA SEJATI ceriyose sae, amargi nggadahi amanat ingkang sae inggih punika dados tiyang ampun sombong lan ampunh ngenyek kaliyan tiyang ingkang drajate wonten ing ngandape piyambak, amargi sawektu-wektu drajat menika saget berubah. kaliyan rencang ampun pilih-pilih, sejatine rencang menika wonten ing wektu duka lan wektu seneng :)

    NAMA : RINDAH DWI MASITOH
    KELAS : XII BUSANA BUTIK
    ABSEN : 19

    ReplyDelete
  16. Drama Subasita

    cerita ingkang apik kangge bocah remaja jaman siki seng senenge njawal lan ora manut marang wong tua bisa dadi pelajaran seng apik

    Nama : Fachri Surya Kusuma
    Kelas : XII RPL 2
    No.Abs: 12

    ReplyDelete
  17. drama SOMBONG ISO NGRUSAK KEKANCAN.... ceriose sae sanget . lan ngandhut amanat ugi sae.



    NAMA: INTAN PRAMANDHA WATASARI
    KELAS: XII BUSANA BUTIK
    ABSEN: 11

    ReplyDelete
  18. Crita @sombong iso ngrusak kekancan caritanepun sae sanget saged dados referensi cerita lan kangge tuladha kula lan rencang-rencang kula.
    FERBI YOLANA
    XII AP 3
    06

    ReplyDelete
  19. kanca sejati iku pancen bener anane dados saget kangge pelajaran maring tiang katah
    apik pisan ceritane

    ReplyDelete
  20. drama "sombong iso ngrusak kanca" critane bisa digawe tuladha supados dadi mboten sombong lan mboten ngremehaken wong sing mboten mampu ...

    Rahayu Setiandini
    XII RPL 2
    21

    ReplyDelete
  21. Drama KANCA SEJATI saged kangge tuladha kangge lare-lare jaman saiki. Ceritanipun uga gampil dipangertos, mboten bertele-tele.

    Dyah Anggraeni Hz
    XII AP 2

    ReplyDelete
  22. "Katresnanan"
    Drama niki sae lan urut-urutane jelas. Mancen nek jodo niku sampun wonten sing ngatur. Tiyang sing sanes muslim purun dados muallaf karena kagungan tresna kalih tiyang liya.
    Drama niki lan liyane sae lan saget ngibur ati.

    YOSIKA RISKIANA
    XI RPL 2
    ABSEN 31

    ReplyDelete
  23. (SUBASITA)
    Drama niki sae sanget pak.saged kangge tulodo rencang" sedoyo.sae malih nek di tampilaken teng sekolahan pak,TOP BGT pkoke lah.
    ajeng tangled pak SUBASITA niku nopo?

    FIKI RAHMAYANTI
    XII BUSANA BUTIK/10

    ReplyDelete
  24. "KATRESNANAN"
    Drama niki sae sangett pak, napa malih nek ditambah humor.Uga kangge narik penonton supados mboten bosen...

    ANDRIANY
    XI RPL 2
    03

    ReplyDelete
  25. ceritane KATRESNANAN sae, nyeretakake babagan lika liku kisah cintane Fatimah lan Arya, Fatimah sing dadi sekertaris nang kantore Arya tresna karo Arya, sebalike Arya, Arya wonge sabar lan nrima Fatmah apa anane. Fatimah ya jelas lewih milih Arya ketimbang Rozaq kanca cilike Fatimah, wong Fatimah ora nana rasa tresna maring Rozaq, kisah cintane Fatimah karo Arya akeh rintangane saking awit ibune Fatimah ora setuju karo Arya lan njodohaken Fatimah karo Rozaq, lan bapake Arya sing juga ora setuju karo Fatimah amarga Fatimah ora sederajat karo Arya. Nanging cah loro kui ora mandeng tekan ngene, Arya lan Fatimah terus usaha ben wong tuane pada-pada ngewai restu maring awake deweke.Ngasi akhiire hubungane Arya lan Farimah di restuni maring wong tuane cah loro. Kabeh nang ndunya ki ana sing ngattur yaiku Gusti ALLAH ingkang Maha Segalane , menungsa ora bisa ngalangi kehendake. Dewek menungsa kui mung bisa nyuwun, karo usaha , insyaalloh kabeh mesti ana dalan lan tinemu sing terbaik.

    Wahyu Dwi Setyarini
    XII RPL 2/ 29

    ReplyDelete
  26. ceriosan KATRESNAN sae sanget pak.


    NAMA: LINDA LUSIANA
    KELAS: Xll busana butik
    ABSEN: 13

    ReplyDelete
  27. "Kanca Sejati"
    Drama Kanca Sejati sampun sae,amargi ngajaraken kbeh wong ben aja nyepelekaken wong liya,dewek kabeh mesti butuh wong liya,soale manungsa mboten saged urip dwek.


    Irna Marfiyani
    XII RPL 2/15

    ReplyDelete
  28. This comment has been removed by the author.

    ReplyDelete
  29. ceritane lengkap lan apik sanget pak....

    Nama : Fikri alim m
    Kelas : XI RPL 2
    Absen : 12

    ReplyDelete
  30. Drama "KATRESNANAN"

    alure sesuai, kanggo konflike drama iku kurang greget terlalu mbulet.Kudune endinge lewih WOW dadi lewih apik :)
    Apa maning nek di pentaske lewih apik maning.

    Nama: Rizky Vitta Yuliana
    Kelas: XII RPL 2
    Absen: 24

    ReplyDelete
  31. Crita @SOMBONG ISO NGRUSAK KEKANCAN.
    critane-pun sampun sae. .
    kita saged mundhut makna/amanat saking crta niki, nek jodoh niku pancen wis diatur maring Gusti Allah,lan sombong niku mboten sae. .

    Indri Kusumaningsih
    XI RPL 2/ 14

    ReplyDelete
  32. cerios KANCA SEJATI sae sanget.


    NAMA: LAELY NR
    KELAS: XII BB
    ABSEN: 12

    ReplyDelete
  33. pak kulo badhe komentar drama sing judule "KATRESNAN"...
    isi critane sampun apik lan damel tertarik sing maos, isi ceritane saged di dadosaken tuladha ngge kita sedoyo...
    kathah hal apik sing saged di pendhet...

    Nama : Ana Nurofah
    Kelas : XITKJ1
    Absen : 03

    ReplyDelete
  34. SUBASITA
    critane sampun sae nanging kirang apik bahasane lan critane kirang greget anggene sifat masing" tkoh
    hesti retnoningsih
    XI tkj 2

    ReplyDelete
  35. hiks..hiks...
    carita "Kanca Sejati" saged di pundut sisi positife yaiku aja milih-milih kanca dumehe status sosial tok, dewek kudu nerima kanca apa anane suka duka di rasani bareng.
    #ancungaken jempol

    YULI KURNIA DEWI
    XII RPL 2
    30

    ReplyDelete
  36. Drama Kanca Sejati sae sanget :) saget kangge pelajaran supaya mboten milih-milih kanca :) tur mboten angsal sombong :)

    Nama : Natasha Lukita Oktaviani
    Kelas : XII TKJ 2
    No. Absen : 22

    ReplyDelete
  37. Saking Drama menika saged kangge tuladha kange "kabeh wong" ben aja mutus persahabatan apa 'meneh dulure dewek', menungsa moten saget urid dewek,!,
    Kanca lan wong nag sekitare dewek kue penting.

    Nama : Bintang Sabda Esa
    Kls : XI Rpl 2
    Absen: 08



































































    ReplyDelete
  38. DRAMA SUBASITA

    Cerita drama kasebat sae sanget kangge kanca remaja.
    Saged dipun dadosaken motivasi kangge kulo lan kanca kanca sedaya.
    Matur nuwun

    Nama : Titis Ngudiono
    Kelas : XII RPL 2
    No.Abs: 32

    ReplyDelete
  39. critane sampun sae,,,saged di tambahi malih..

    Nama : yanuar atriyani
    kelas : XII AP 3
    No.abs : 27

    ReplyDelete
  40. Dramanipun isine sampun sae, saged kangge motivasi kulo lan kanca - kanca. kulanipun tertarik sanget maos drama niki, pokeka ma'nyos lah :)
    "Matursuwun"

    Nama : Yola Restu Arieska Putri
    Kelas : XI RPL 2
    No.Abs : 30

    ReplyDelete
  41. drama KANCA SEJATI critanipun sae, saged kangge tuladha..
    critanipun menarik, amargi caritane kadang wonten kanca sing milih milih. daram niku sampun saged kangge tuladha.

    ReplyDelete
  42. drama KANCA SEJATI critanipun sae, saged kangge tuladha..
    critanipun menarik, amargi caritane kadang wonten kanca sing milih milih. daram niku sampun saged kangge tuladha.

    nama ; fiola ayu wulandari
    kls : XII AP3
    abs ; 07

    ReplyDelete
  43. Kanca sejati critanipun sae, nanging saged ditambahi malih. saged kangge motivasi.

    Tisna Yuniarita
    XII AP 3
    25

    ReplyDelete
  44. This comment has been removed by the author.

    ReplyDelete
  45. drama subasita iku critanipun sae sanget ,saged kangge pelajaran para remaja lan lare-lare sekolah.

    Nama : Triyono
    Kelas : XII RPL 2
    No : 27

    ReplyDelete
  46. critanipun sae sanget kangge pelajaran kito sedaya...

    farida isnaeni
    XiBB

    ReplyDelete
  47. crita meniko saged kangge teladan . Lan nyontohake sikap sing apik



    Indah Indri Lestari
    XI AP 3

    ReplyDelete