Wednesday 28 November 2012

SOAL -SOAL LATIHAN BAHASA JAWA SMK





LEMBAR SOAL
UJIAN SEKOLAH
TAHUN PELAJARAN 2011/2012
(susulan)

Mata Uji
:
BAHASA JAWA
Hari, tanggal
:
 26 April  2012
Kompetensi Keahlian
:
SEMUA
J a m
:
10.00 wib


PETUNJUK UMUM:

1.      Perhatikan dan ikuti petunjuk pengisian pada lembar jawaban yang disediakan.
2.      Isikan identitas Anda ke dalam Lembar Jawaban Ujian (LJU) yang tersedia.
3.      Periksa dan bacalah soal-soal dengan teliti sebelum Anda menjawabnya.
4.      Laporkan kepada pengawas ruang ujian kalau terdapat tulisan yang kurang jelas, rusak atau tidak lengkap.
5.      Jumlah soal sebanyak 40 butir soal pilihan ganda dan 5 butir soal uraian.
6.      Untuk jawaban soal pilihan ganda: pilihlah salah satu jawaban yang Anda anggap paling benar dengan memberi tanda silang (X) pada huruf  a, b, c, d, atau e pada lembar jawaban.
contoh:     a     b     c     d     e
untuk meralat jawaban:  
jawaban semula:     a     b     c     d     e         diubah/diralat:    a     b     c     d     e
7.      Tulislah jawaban Anda dengan menggunakan bollpoint berwarna hitam/biru.
8.      Periksalah pekerjaan Anda sebelum diserahkan kepada pengawas ujian.
9.      Lembar soal tidak boleh dicorat-coret.
 


A. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, d utawa e ing wangsulan kang bener !

WARA-WARA

Wara-wara menika dipun giyaraken saking Panitia Aben Kawasisan Rumpun Basa Jawa SMK,

Konjuk dhumateng para kadang sutresna peserta aben kawasisan rumpun Basa Jawi ingkang sampun rawuh, kasuwun enggal-enggal lumebet dhateng Ruang Aula SMK Negeri 1 Bawang, ingkang saperlu badhe dipun aturaken perkawis-perkawis ingkang magayutan kaliyan kaleksananipun aben kawasisan.
Syarat-syarat aben kawasisan :
1.      Aben kawasisan menika namung mligi katujoaken dhateng para siswa SMK kelas X lan kelas XI kemawon.
2.      Dipun buktekaken ngangge rapor ingkang sampun dipun legalisir dening Kepala Sekolah.
3.      Masrahaken pas foto ukuran 2x3, 2 lembar.
4.      Mbekta serat rekomendasi saking sekolahanipun.
Sedaya ingkang ndherek aben kawasisan ing mangke badhe kaparingan piagam.
Mbok bilih cekap semanten, para Bapak saha Ibu pendamping  kasuwun mratitisaken dhumateng para siswanipun......sugeng makarya........maturnuwun.

1. Wara-wara nang dhuwur katujokaken kanggo sapa ?
a.  Peserta seminar                                                    d. Bapak lan Ibu Guru                          
b.  Peserta ujian                                                        e. Guru lan siswa      
c.  Peserta aben kawasisan 

2. Nang ngisor iki sing ora klebu syarat-syarate melu lomba ,....
a.  Nggawa surat rekomendasi saka sekolahan.
 b.  Masrahaken pas foto ukuran 2x3, 2 lembar.
c.  Dibuktekaken nganggo rapor kang wis dilegalisir dening Kepala Sekolah
   d.  Mligi katujoaken kanggo para siswa SMK kelas X lan kelas XI
e.   Dibuktekaken nganggo akte lair  kang wis dilegalisir dening Kepala Kantor Capil

   AKSARA JAWA
Ora saben basa kuwi nduweni aksarane dhewe, kayadene basa Indonesia, bahasa Melayu ora duwe aksara dhewe mula sing dinggo aksara latin. Dene basa Jawa kuwi nduwe aksara dhewe sing jenenge aksara carakan Jawa, jaman kuna nalikane wong Jawa durung katekan bangsa Walandi isih padha nggunakake aksara Jawa, nanging gandhĂ©ng kajajah dening bangsa Walanda mula wong Jawa diwarahi aksara latin lan nganti saprene basa Jawa ditulis nganggo aksara latin ora aksara Jawa maneh. Aksara Jawa kuwi wujud bakune ana 20 (rong puluh) sing urutane bisa diwaca hanacaraka, datasawala, padhajayanya, magabathanga. Aksara 20 (rong puluh) duwe pasangane dhewe – dhewe. Wujude aksara Jawa saiki meh padha karo aksara Bali mung bedane aksara Bali luwih jangkep dene aksara Jawa wis diowahi lan disuda wujud aksarane.

3. Pratelan nang ngisor iki wes trep karo wacan nang dhuwur, kejaba...
a.  Wong Jawa diwarahi aksara latin dening Walanda
b.  Aksara Bali luwih jangkep tinimbang aksara Jawa
c.  Saben-saben basa kuwi nduweni aksarane dhewe
 d.  Aksara Jawa kuwi wujud bakune ana rong puluh
e.  Basa Jawa kuwi nduwe aksara dhewe sing jenenge aksara carakan Jawa.

4. Andharan nang ngisor kiye sing trep karo wacana nang dhuwur yaiku…
a.  Wong Jawa diwarahi aksara latin dening wong Sunda
b.  Wujude aksara Jawa saiki meh padha karo aksara Bali
c.  Saben-saben basa kuwi nduweni aksarane dhewe
d.  Aksara Jawa kuwi wujud bakune ana telung puluh
e.  gandhĂ©ng kajajah dening bangsa Walanda mula wong Jawa diwarahi aksara latin

 Tangise pang-pang garing
kang kaprawasa dening angin
Tangise lemah-lemah nela
Jinemparing dening ketiga dawa
Tangise para tani
Katinggal mlayu dening Dewi Sri

5.    Irah-irahan sing pas kanggo geguritan nang dhuwur yakuwe…
a.       Mangsa paceklik
b.      Mlayune Dewi Sri
c.       Urip bebrayan
d.      Piwelingku
e.       Tangise pang garing

Gatekaken pethikan pawarta TV nang ngisor kiye!
Sugeng dalu pamirsa, kula Zuly Qurniawati badhe ngaturaken pawartos babagan sosial lan kabudayan saking Ngayogyokarta lan sakiwa-tengenipun. Ing dalu punika badhe kapurwakaaken pawartos Merti Dhusun ing Ngestiharjo, Kasihan, Bantul.
Minangka adicara ingkang ajeg dipuntindakaken saben kalih taun sepisan warga Ngestiharjo, Kasihan, Bantul ngadani adicara Merti Dhusun tuwin lomba Kirab Budaya kawiwitan tanggal 19-26 Pebruari taun 2012. Adicara menika mapan ing dhusun Rejodadi ananging ugi karegengaken ing tigang dhusun sanesipun, inggih punika dhusun Ongkobayan, Ngepreh, sarta Tegal Ongkobayan.
6.    Temane pawarta nang dhuwur yaiku babagan…
a.       Merti Dhusun
b.      Lomba Kirab Budhaya
c.       Nguri-uri budhaya Jawa
d.      Sosial lan budhaya
e.       Pendhidhikan lan Kabudhayan

7.    Pawarta nang dhuwur digiyaraken nganggo Basa …
a.       Krama Alus
b.      Ngoko alus
c.       Ngoko lugu
d.      Krama andhap
e.       Krama ndesa
MAKMUR NING AJUR
……………………………………………………………………………………………………………………..”  mengko mbengi Mami arep kulak dagangan maring Bandung, Pap. Dadi Papi sing kudu njaga kiose. Eman-eman angger tutup, mengko rejeki atusan ewu ilang. Pokoke Papi kudu bisa ijin,” Omonge bojone tambah rosa, tur madan kesuh.
Sugeng ora semaur. Gagean motore destater terus diplayokna metu sekang ngumah maring sekolahan. Ora nganti seprapat jam wis gutul. Montor diparkir, Sugeng mlebu kantor terus njagong. Garapane sing wes tumpuk undung ora disenggol acan merga pikirane putek kemutan polahe bojone sing tambah wani goli ngatur wong lanang.
Jane Sugeng ya jengkel. Umpamane ora melas, bojone arep dikampleng supayane dadi kawus. Ning yen dipikir malah nambahi geger thok lan isin karo tanggane. Mulane Sugeng trima meneng bae. Sing aneh, Yanti gemiyen lagi isih mlarat ngundange Mas maring Sugeng. Siki bareng sugih ngundange Papi. Diundang Bu ora gelem karepe Mami.
8.    Sekang pethikan cerkak nang dhuwur wateke Yanti yakuwe…
a.       Sabar lan narima
b.      Ngabekti maring wong lanang
c.       Jujur lan ngati-ati
d.      Wani lan seneng ngatur bojone
e.       Seneng ngapusi

9.    Uripe Yanti yen diumpamakna nganggo paribasan yakuwe…
a.       Ana catur mungkur
b.      Sing sapa nandur bakal ngunduh
c.       Becik ketitk ala ketara
d.      Jalukan ora wewehan
e.       Kere munggah bale

10.    Wacana sing duweni ancas kanggo aweh informasi babagan apa bae sing bisa nambahi pengetahuan/informasi maring sing maca lan sipatipun ilmiah utawi nonfiksi, iku wacana…
a.       Deskripsi
b.      Persuasi
c.       Narasi ekspositoris
d.      Narasi
e.       Eksposisi

Gatekna pethilan pachelathon nang ngisor kiye !
Marsini     : “Mas Nu, Mas Nugroho!”
Nugroho  : “Ana apa Mbak?”
Marsini     : “Njenengan kuwe awet nom ya, Mas!”
Nugroho  : “Pancen aku rumangsane ya isih enom kok?, ha…ha…ha! …Lha njenengan arep tindak ngendi mbak ?”
Marsini     : “Aku arep bali  nyang Sragen Mas! Ning aku klebu wong dhusun, dadi saka kota Sragen ijih telung puluh  kilometer maneh.”
Nugroho  : “aku percaya yen panjenegan  kuwi saka ndesa Mbak, ketara ayu.”
Marsini     : “Alaah, ampun ngaten, mas! Wong kaya ngene kok diarani ayu. Terus   sing elek kaya ngapa?”

11.     Pachelathon  nang dhuwur nggunakaken basa apa?
a.       Krama Alus
b.      Ngoko Alus
c.       Krama Inggil
d.      Ngoko lugu
e.       Krama ndesa

12.   Unen-unen nang ngisor iki  sing ora klebu wangsalan  yakuwe …
a.     Jenang gula, kowe aja lali
b.    Roning mlinjo, sampun  sayah  nyuwun ngaso 
c.     Njanur gunung, gununge Gunung Slamet.
d.    Nyaron bumbung, nganti cengklungen anggonku ngenteni
e.     Mbalung klapa, dak bethek masa luputa.

13. Tembang Macapat sing gunggunge gatra paling akeh yakuwe ....
a.     Mijil                                                     d.  Asmarandana
b.    Megatruh                                             e. Dhandanggula
c.     Maskumambang

14. Ukara nang ngisor iki sing nganggo basa krama alus kang trep yakuwe ....
a.    Bu kula nyuwun artha Rp. 10.000 bae.
b.    Sampeyan arep tindak ngendi kok sajake kesusu tenan.
c.    Saben esuk aku nyaponi latar lan emper omah.
d.   Menawi panjenengan kersa, kula aturi pinarak rumiyen.
e.    Supaya lewih gamblang becike panjenengan tindak mriki wae.

15. Bapak menawi tindak kantor ....sepeda, dene kula menawi ....sekolah cekap mlampah kemawon.
     a.  Numpak – mangkat                               d.  Nitih - bidhal
 b.  Nitih – tindak                                        e.  Numpak - bidhal
 c.  nggenjot - lunga

16. Serat Bharatayudha karipta dening .....
a.  Empu Sedhah lan Panuluh                               d. Empu Triguna lan Panuluh
b.  Empu Tantular lan empu Kanwa                  e. Empu Tantular lan Empu Sedhah
c.  Empu Prapanca lan Panuluh

17. Nang ngisor iki sing ora klebu paugerane tembang Macapat yakuwe...
a.  Guru lagu                                              d.  Dong-ding
b.  Guru wilangan                                      e. Guru swara
c.  Guru Gatra
...............................................................................................................................................................
.........Bapak Dwija ingkang winantu ing pakurmatan, para kadang siswa ingkang tansah cinaket ing manah. Kangge murwakani adicara ing dinten menika, mangga sareng-sareng ngunjukaken raos suka syukur kita dhumateng Gusti Ingkang Akarya Jagat.......  

18. Perangan sesorah nang dhuwur nelakaken ....
a.  Panutup                                                            d.  Pangarep-arep
b.  Pambuka                                               e.  Peprenah
c.  Titi Mangsa

19. Sakabehing tembung kang mratelakaken solah bawa utawa tandang gawe diarani ....
a.  Tembung Lingga                                              d.  Tembug Wod
b.  Tembung Kriya                                                e.  Tembung Aran
c.   Tembung Camboran

20. ”Budi maca Panjebar Semangat, dene Rudy maca majalah Ancas”.
Ukara nang dhuwur klebu ukara camboran ….
a.       Gandeng renteng                                            d. Tugel
b.      Tumpuk undung                                              e. Wantah
c.       Rowa sungsun

Gatekna pachelathon ing ngisor iki!

Ibu        : “Sri, mbesuk yen Mbak Tati dadi nganten, kowe dadi dhomase yo!”
Sri         : “ Kula lingsem Bu !”
Bapak   : “Dadi bocah ora pareng isinan. Luwih-luwih dadi dhomas. Yen isin disawang rak ora patut.”
Ibu        : “Bener Sri, ngendikane bapak kuwi. Coba isin karo sapa?”
Sri         : “lingsem jaritan, Bu!”
Bapak   : Lha rak wis lumrah ta, bocah wadon jaritan. Bapak bae mengkone ya nyampingan kok. Iki rak klebu kebudayaane dhewe.
Bapak   : “Coba ngemben sawangen. Kabeh para tamu padha nyampingan. Sing kakung ya ngono, beskapan, nyampingan, tur ngagem dhuwung. Sinomane putri ya ngono. Kabeh padha nyampingan lan kebayakan.” 

21. Nang busana kejawen, yen wong lanang lumrahe nganggo...yen wong wadon nganggo....?
a. Kebaya – beskap                                   d. Kebaya - Beskap
b. Kebaya – Bathik                                   e. Tank Top – Kebaya
c. Beskap - kebaya

22. “....Sing kakung ya ngono, beskapan, nyampingan tur ngagem dhuwung.” Tembung dhuwung  padha tegese  karo....
a. Blangkon                                              d. Sabuk
b. Keris                                                     e. Sandal
c. Konde

23. Tembung Wod yaiku ....
a.  Tembung sing wes baku                       d.  Tembung sing mung sakecap
b.  Tembung sing wes owah                      e.  Tembung sing wandane ganep
c.  Tembung silihan
Dewi Trijatha

Nalika Dewi Shinta dicolong dening Prabu Dasamuka lan dikunjara ing Taman Soka, dheweke dikancani Dewi Trijatha, ana wadone Gunawan Wibisana. Gunawan Wibisana kuwi anake Prabu Dasamuka. Dewi Trijatha iki saben dina nglipur lan ngayomi Dwi Shinta saka godha lan parape Prabu Dasamuka kang kurang ajar.
Saben arep ngganggu, dewi Tijatha mesthi mbelani kanthi tenanan lan njaga supaya Dewi Shinta bisa tetep kajaga kasuciane. Dheweke mesthi ngalang-alangi niyate Dasamuka kang kepengin ngrebut kasucene Dewi Shinta nalika dikunjara ing Taman Soka.
24. Pratelan nang ngisor iki sing ora pas karo crita nang dhuwur yakuwe...
a.  Dasamuka kang kepengin ngrebut kasucene Dewi Shinta                                                    
b.  Dasamuka nduweni watek kang kurang ajar                                               
c.  Dewi Shinta dicolong lan dikunjara ing Taman Soka
d.  Dewi Trijatha, ana wadone Prabu Dasamuka
e.  Dewi Trijatha kuwi kapetung ponakane Prabu Dasamuka

25. Menawa diemataken kanthi premati sipate Prabu Dasamuka kuwe kepriwe ....
a.  Eman lan wicaksana                                         d.  Seneng ngapusi
b.  Srakah lan Culika                                             e.   Tuhu ing janji
c.  Sawiyah-wiyah

26.    Mbah, sumangga panjenengan …. rumiyin, kula …. mangke kemawon. Tembung-tembung kang trep kanggo njangkepi ukara nang dhuwur yaiku …
a.         Tindak-lunga                                d. Lunga- Bidhal        
b.         Kesah-tindah                                e. Tindak-bidhal
c.         Bidhal-lunga
Drama khayalan sing umume nyritakaken babagan kasekten, swasana urip nang  istana utawa nang keraton, uripe dewa-dewi, kedadeyan sing ora biasane, lan liya-liyane.
a.       Drama lawas                                                   d. Passie
b.       Drama anyar                                                   e. Tablau
c.       Drama komedi

…………Para rawuh ingkang  minulya, mbok menawi namung menika ingkang saged kula aturaken, menawi kathah kalepataning atur saha solah bawa ingkang kirang nuju prana, kula nyuwun agunging pangaksami.

26.    Pethikan pidhato ing dhuwur klebu peranganing,....
a.    Pambuka
b.   Isi Wigatining atur
c.    Pangarep-arep
d.   Panutup
e.    Dudutan

27.  ?wni zlh luau/ weksS[n. yen ditulis latin dadine...
  1. Wani ngalah dawa walesane
  2. Wani ngalah ora oleh upah
  3. Wani lunga kudu wani bali
  4. Wani ngalah dhuwur wekasane
  5. Wani ngalah luhur wekasane

ANDHE ANDHE LUMUT
Critane jaman biyen ing Desa Dhadhapan, iku ana sawijining pawongan wadon kang mlarat  banget jenenge Mbok Randha Dhadhapan. Uripe mung karo anake lanang sing bagus banget, arane Andhe Andhe Lumut. Wis akeh prawan sing padha nglamar nanging tansah ditolak.
“Kepriye le anakku lanang, apa kowe isih puguh ora nampa siji sijia penglamar kang tumuju marang sliramu Ngger?”, pitakone Nyi randha Dhadapan marang putrane sinambi nyambut gawe  ana tritisan, nata watu saurute omah. Andhe Andhe Lumut sumaur lirih, “kulo dereng menggalih prakawis tiyang jejodhohan kok Yung”. Ngerti yen anake genah durung gelem rabi, Mbok Randha ya banjur leren olehe ngrembug bab kuwi.  

28.   Apa kang  dikarepake simboke Andhe Andhe Lumut?
a.    Andhe Andhe lumut arep dejodohaken karo randha.
b.    Andhe Andhe lumut bingung milih calon rabine.
c.    Andhe Andhe lumut ora karep rabi.
d.   Kepengin supaya Andhe Andhe Lumut enggal jejodhoan.
e.    Mbok randha dhadapan kepengin rabi maneh.
                                                             
29.   Andhe-andhe lumut anggone matur karo simboke nganggo basa apa ?
a.       Ngoko                                                     d. Krama   
b.      Ngoko lugu                                             e. Krama Alus
c.       Ngoko Alus
………………………………………………………………………………………………
Para rawuh ingkang kinurmatan, almarhum kapundhut maraksowan wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung dinten Kemis tabuh 01.00 wonten ing griya sakit. Sedanipun kawiwitan nandhang gerah sampun sawatawis dangu. Kulawarga saksaged-saged sampun budidaya ngusadani gerahipun, ngantos opname wonten griya sakit. Ananging saking kersanipun Gusti, budidayanipun kulawarga mboten kasil. Mugi dadosna pamriksa bilih almarhum ngantos tinimbalan ngancik yuswa 65 tahun.

30.  Pethikan paragraf ing nginggil minangka satunggaling tuladha,...
  1. Tanggap wacana pirembagan                                      d. Tanggap wacana Atur bela sungkawa
  2. Tanggap wacana pangrukti jenazah                            e. Tanggap wacana Walimatul ’urus
  3. Tanggap wacana Merti Dhusun

31.  Mugi dadosna pamriksa bilih almarhum ngantos tinimbalan ngancik yuswa 65 tahun.
Tembung sing digarisi ngisor nduweni teges …
  1.  Dhangan                                 d. Seda
  2. Diprentah                                e. Gerah
  3. Ditambani

32.  Candrane Mangsa karo yakuwe....
  1. Sotya murca saking embanan
  2. Bantala rengka
  3. Waspa kumembeng jroning kalbu
  4. Wisa kenthir ing maruta
  5. Suta manut ing bapa

33.  Taun kamardikane Indhonesia menawa disengkal dadine...
  1. Catur Panca Trus Manunggal
  2. Panca Catur Trus Manunggal
  3. Panca Dasa Trus Manunggal
  4. Catur Eka Trus Manunggal
  5. Panca Sapta Trus Manunggal

34.  ”Sirna ilang kertaning bumi”, kuwe sengkalane taun,....
a.       1800                                        d. 1500
b.      1700                                        e. 1300
c.       1600

35.  Nyalin crita kuna saka Basa Kawi dadi Basa Jawa Anyar utawa basa sekaran diarani 
a.                             Yasan                                      d. Petilasan
b.                            Jarwan                                     e. Paesan
c.                             Wangunan

36.  Nang ngisor iki kalebu kalimpatan sing kudu di duweni dening pujangga jaman kuna, kejaba….
a.       Parameng kawi                        d. Mardibasa
b.      Parameng sastra                      e. Nawung Krida
c.       Langen tirta

37.  Serat wedhatama  yen ditulis nganggo aksara jawa dadine…
a.       ?$er[tWdtm
b.      ?$uer[tWdtm
c.       ?$erteWdtm
d.      ?$er[fWdtm
e.       ?$er[tWdautm
38.  ?wni memet]irayuni=
 Sesanti kang sinerat jawi ing nginggil jangkepanipun …
a.      b=s                             d. p]j
b.      ngr                          e. ssm
c.       p]f=g
39.  Menawa arep nulis  Kitha Banjarnegara nganggo Program Pallawa mangka urut-urutane huruf lan karaktere yakuwe….
a.       @iq* v j / n e g r                     
b.      @iq * v J / n e g r                   
c.       @iq * v J \ n e g r
d.      @iq * V J / n e g r
e.       @iq * v J / N e g r

40.    “Diwulang kok ngembang duren, ndhlongop wae”. Unen-unen kasebut diarani…
a.  Cangkriman                               d.  Wangsalan
b.  Parikan                                      e.  Pepindhan
c.  Paribasan

B. Wangsuli nganggo jawaban sing trep!

41.  Gawea wara-wara sing jangkep sing isine; ketua OSIS ngajak para anggotane supaya padha gelem nyengkuyung  anane Kegiyatan Classmeeting ing sekolahmu.

42.  Gawea tuladha pambukaning sesorah atur pambagyaharja !

43.  Apa sing kongerteni babagan Sengkalan Memet?

44.  Owahana dadi aksara latin!
?$urfir jyni=rt\ Xbu/[fni= pzsTuti.
45.  Ukara ngisor iki owahana dadi basa krama alus !
a. Mau esuk aku weruh bapak numpak sepedha motor karo pakdhe.
b. Aku dikongkon bapak menehake undangan kanggo pak Usman













27 comments:

  1. Pak, soalipun dipun tambah malih. Kangge latihan siswa-siswi nek badhe wonten ulangan.
    Asma : Nurlaeli
    Kelas : X Ak 2
    Absen : 18

    ReplyDelete
    Replies
    1. Pak, soalipun ditambah malih. Kangge latihan siswa-siswi nek badhe wonten ulangan.
      Nama : Nurlaeli
      Kelas : XI Ak 2
      Absen : 18

      Delete
    2. KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.


      KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.

      KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.



      Delete
  2. Pak soale angel di gampangna malih hehe
    Nama : Handika Bily P
    Absen : 11
    Kelas : XII TKJ 1

    ReplyDelete
  3. Maturnuwun pak, soalipun bisa kangge latihan.
    Nama : Hidul Arifuloh
    Kelas : XII TKJ 1
    Absen : 12

    ReplyDelete
  4. Maturnuwun Pak, latihannya cekap mbantu kulo pak :)
    Nama : Rizal Noor Aridansyah
    Kelas : XII TKJ 1
    Absen : 25

    ReplyDelete
  5. matur suwun pak,soale bisa kangge latian..
    Nama : RIO FEBRIANTO
    Kelas : XII TKJ 1
    Absen : 24

    ReplyDelete
  6. matur nuwun pak,,,,
    Nama :Yuliana Ispandhi
    Kelas: XII tkj 1

    ReplyDelete
  7. ship pak, maturnuwun.
    Nama : Surya Febrian
    Kelas : XII TKJ 2
    Absen : 26

    ReplyDelete
  8. Maturnuwun Pak soal latihane mbantu kulo Pak....
    Nama: Tri Julian Sajio
    Kelas: XII TKJ 2
    Absen: 27

    ReplyDelete
  9. Assalamu'alaikum pak..
    Kulo ngopy nggih pak??? kangge Sinau....
    Maturnuwun...
    Nama : Alfi Adianto
    Kelas : XII TKJ 2
    Absen : 02

    ReplyDelete
  10. matur nwun sanget pak, kangge soalipun ingkang bapak sukani, :)
    Nama : Nanang Ronanto
    Kelas : XII TKJ 1
    No absen : 20

    ReplyDelete
  11. mantep sanget pak soalipun..
    Lumayan saged kangge latihan.
    Nama : Abdul Rozak
    Kelas : XII TKJ 1
    No absen : 01

    ReplyDelete
  12. matur nuwun pak, soale dipun variasi malih
    nama : Rifki Heermawan Santoso
    kelas : XII tkj 1
    no absen : 23

    ReplyDelete
  13. Matur nuwun pak, soale lumayan. . .
    Nama : Agus Suryanto
    Kelas : XII TKJ 1
    No Absen : 02

    ReplyDelete
  14. matur nwun pak, soalipun, hehe
    Nama : Kenang Eko P
    Kelas : XII TKJ 1
    No absen : 15

    ReplyDelete
  15. soal-soale mabantu sanget pak, matur nuwun sanget pak.,:)

    ReplyDelete
  16. Matur nuwun pak...
    Nama : Bidhayatun N.
    Kelas : XII PM 1
    No.ab : 03

    ReplyDelete
  17. matur nuwun sanget pak soale,
    nama : yulianti
    kelas: XII PM 1

    ReplyDelete
  18. matur nuwun sanget latihanipun pak.
    nama : yohana widyastuti
    kelas : XII AK 3
    absen : 31

    ReplyDelete
  19. matur nuwun sanget pak,
    latihanipun kangge mbiyantu para siswa sing remidi...
    latihan soal dipunkatha maleh kangge pengetahuan kula bab basa jawa

    Nami : Aulia Kartika Dewi
    Kelas : XII AK 3
    Absen : 06

    ReplyDelete
  20. matur nuwun sanget pakk soale....

    Lilis setiawati / XII PM 1

    ReplyDelete
  21. amazing....
    nama : aditya tri marta kusuma
    kla : XII tkj2
    no : 1

    ReplyDelete
  22. PURON NYUWUN KUNCI JAWABANE???

    ReplyDelete